Kaca:Puspa Rinonce.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

kang uga kalarasaké karo pakecapané, upamané, Kendhal, Kedhiri, Kedhungjati, Pathi, Klathen, Jethis, Kudus, Sidareja, lan sapituruté. Banjur endi kang bener?

Paugeran bab panganggoné aksara dh, th, d lan t kang kapacak ing dhuwur mau satemené paugeran kanggo nulis tembung-tembung lumrah. Éwo semono, paugeran mau uga bisa digunakaké kanggo nulis araning kutha, nagara, désa, dhusun, utawa kampung ing babagan transliterasi (nglatinaké naskah tulisan Jawa) amrih cetha lan cedhak karo tulisan asliné. Ananging, tumrap ing basa umum, luwih-luwih magepokan karo administrasi, panulisé araning kutha, negara, désa, lan sapituruté mau ora kudu dilarasaké karo pakecapané. Dadi, upamané, Indonesia, Medan, Kendal, Pati, Klaten, Mlati, Jetis, cukup ditulis mangkéné iki, ora perlu ditulis Indhonesia, Médhan, Kendhal, Pathi, Klathèn, Mlathi, Jethis. Liré, araning kutha (nagara, désa, dhusun, utawa kampung) kuwi asipat nasional, malah kapara asipat internasional, temah panulisé uga kudu manut paugeran nasional, yaiku paugeran kang dianggo ing basa Indonesia.


KULA SARÉNCANG NYUWUN PAMIT
Tembung saréncang ing sajroné ukara kang kapacak minangka irah-irahané tulisan iki minangka tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung sakanca. Ing ukara iku tembung kanca dikramakaké dadi réncang. Tembung réncang dianggo ngramakaké tembung kanca kuwi ing jaman saiki wis rada lumrah lan dianggep bener déning sapérangan warganing masyarakat. Ananging, yèn ditlesih temenan, tembung réncang kanggo ngramakaké tembung kanca kuwi sajatiné kurang trep. Nalaré, mangkéné.

Tembung réncang iku pancén kalebu éwoning tembung krama. Manut paugeran, tembung réncang mau minangka kramané tembung réwang. Déné tembung réwang kuwi maknané ana warna telu, yaiku (1) ‘batur’ utawa ‘abdi’, (2) ‘mara tetulung marang wong kang duwé gawé (mbiyantu olah-olah, lan

33