Kaca iki wis divalidasi
~ Puspa Rinonce ~
mangkono, sanajan blegering tembung padha, tembung terutami ing sajroné ukara-ukara mau tegesé bisa warna-warna temah tembung kang kanggo nyalini uga ora padha. Contoné, mangkéné.
- 1a. Ingkang baku dipunrembag inggih punika bab tetanèn.
- 1b. Ingkang penting (pokok) piyambak dipunrembag inggih punika bab tetanèn.
- 2a. Pamedaling warga dhusun ngriki punika ingkang baku saking tetanèn.
- 3a. Margi punika sepen sanget, langkung-langkung yèn wanci dalu.
- 4a. Gendhing punika dipunkintunaken déning Mas Yanto mirungganipun kagem Bapak Béndhot.
PENULISÉ ARANING KUTHA KANG MENGKU PAKECAPAN /d/, /dh/, /t/, /th/
Panulisé pakecapan /d/ lan /t/ ing sajroné basa Jawa dibédakaké karo panulisé pakecapan /dh/ lan /th/. Pakecapan /d/ ditulis nganggo aksara dh, pakecapan /t/ ditulis nganggo aksara th, pakecapan /d/ ditulis nganggo aksara d, lan pakecapan /t/ ditulis nganggo aksara t. Contoné, mangkéné.
- Tembung kang anasir pakecapané kudu ditulis nganggo aksara dh: wedhi (krikil lembut), wudhu (ora payu), padha (ora beda).’
- Tembung kang anasir pakecapané kudu ditulis nganggo aksara d: wedi (ora wani), wudu (sesuci arep solat), pada (tetenger adheging ukara).
- Tembung kang anasir pakecapané kudu ditulis nganggo aksara th: bathang (bangké), kuthuk (anak pitik), sotho (jotos).
- Tembung kang anasir pakecapané kudu ditulis nganggo aksara t: batang (pethèk, bedhèk), kutuk (iwak gabus), soto (saoto).
Jalaran ana paugeran kaya mangkono mau, mula banjur ana wong kang nulis araning kutha (désa, dhusun, utawa kampung)
32