Kaca:Puspa Rinonce.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

tembung ngrika (krama) padha karo (ing) kana (ngoko) lan ngriku (krama) padha karo (ing) kono (ngoko).


TERUTAMI
Ing sajroning pasrawungan saben dinané, kajaba migunakaké basa Jawa, masyarakat Jawa asring uga migunakaké basa Indonesia. Malah tumrap marang nom-noman, basa Indonesia kuwi dianggep luwih cancingan minangka piranti srawung tinimbang basa Jawa. Jalaran luwih kulina migunakaé basa Indonesia, mula ora mokal yèn ana sapérangan warganing masyarakat Jawa nalika migunakaké basa Jawa ora krasa manawa ing sajroné basané mau ketrocoban sawatara tembung Indonesia. Contoné, mangkéné.

  1. Ingkang terutami dipunrembag inggih punika bab tetanèn.
  2. Pamedaling warga dhusun ngriki punika terutami saking tetanèn.
  3. Margi punika sepen sanget, terutami yèn wanci dalu.
  4. Gendhing punika dipunkintunaken déning Mas Yanto terutami kagem Bapak Béndot.

Tembung terutami ing sajroné ukara-ukara iki kanggo ngramakaké tembung terutama. Tembung terutama kuwi satemené isih kalebu éwoning tembung Indonesia, durung kalebu wargané tembung Jawa. Liré, tembung terutama iku kadhapuk saka tembung lingga utama olèh wuwuhan ater-ater ter-. Ing mangka, ater-ater ter- iku ing sajroné basa Jawa ora kaprah utawa ora ana. Amrih dadi ukara-ukara kang becik, prayogané tembung terutami ing sajroné ukara-ukara mau perlu disalini nganggo tembung-tembung Jawa kang trep karo surasané.

Nyalini tembung Indonesia nganggo tembung Jawa kuwi kudu ngélingi pirang pirang bab, kayata, jinising tembung, tegesing tembung perlu disumurupi, upamané, (1) tembung siji iku ana kang mengku teges warna-warna, (2) tembung siji ora kudu disalini nganggo tembung satembung, lan (3) sanajan tegesé padha, surasané tembung siji lan sijiné iku sok béda-béda. Kanthi

31