~ Puspa Rinonce ~
ukara kang kapacak ing dhuwur iku yèn dingokokaké adhedhasar tembung-tembungé banjur dadi ‘Tetanèn ing mréné wis maju’. Ing mangka, ngokoné ukara mau kang dikarepaké mesthiné dadi ‘Tetanén ing kéné wis maju’. Cethané, ukara ing dhuwur mau luput amarga tembung kéné dikramakaké dadi mriki.
Tembung kéné iku kalebu tembung ngoko. Tembung mau yèn dikramakaké dadi ngriki, ora dadi mriki. Mula, amrih ukara ing dhuwur mau bener, tembung mriki kudu disalini nganggo tembung ngriki temah ukarané banjur dadi ‘Tetanèn ing ngriki sampun majeng’. Supaya luwih cetha, ing ngisor iki kapacak conto sawatara ukara kang luput lan kang bener tumrap panganggoné tembung mriki lan ngriki.
Ukara kang luput:
- 1. Ing lèpèn mriki kathah saweripun.
- 2. Tiyang mriki kathah ingkang nyambut damel ing kitha.
- 3. Bénjing malih yèn ngriki kedah mruput!
- 4. Sinten ingkang ngriki kala wau, Bu?
Ukara kang bener:
- 1a. Ing lèpèn ngriki kathah saweripun (krama).
- 1b. Ing kali kéné akèh ulané (ngoko).
- 2a. Tiyang dhusun ngriki kathah ingkang nyambut damel ing kitha (krama).
- 2b. Wong désa kéné akèh sing nyambut gawé ing kutha (ngoko).
- 3a. Bénjing malih yèn mriki kedah mruput (krama).
- 3b. Bésuk manèh yèn mréné kudu mruput (ngoko).
- 4a. Sinten ingkang mriki kala wau, Bu? (krama)
- 4b. Sapa sing mréné mau, Bu? (ngoko)
Kajaba tembung mriki lan ngriki, ana tembung kang nunggal misah karo tembung loro mau kang panganggoné uga kudu ngati-ati jalaran sok cawuh. Tembung mrika, upamané, panganggoné sok cawuh karo tembung ngrika, tembung mriku panganggoné sok cawuh karo ngriku. Tembung mrika (krama) kuwi padha karo mrana (ngoko) tegesé ‘menyang ing kana’. Tembung mriku (krama) padha karo mrono (ngoko) tegesé ‘menyang ing kono’. Déné
30