Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

dikarepaké ing ukara mau. Conto ing ngisor iki bisa kanggo lelimbangan sawatara.

Maknané ora cetha: Maknané luwih cetha:
1. Ali karo Amad uga wedi. 1a. Ali marang Amad uga wedi.
1b. Ali lan Amad uga wedi (marang x).
2. Ali luwih dhuwur karo Amad. 2. Ali luwih dhuwur tinimbang Amad.
3. Butané mati karo Radèn Janaka. 3. Butané mati déning Radèn Janaka.

Titikan kang angka loro, anasiring paramasastra tumrap basa baku iku kudu winahya (diwedharaké, dilairaké), ora kena dicelet. Kanthi mangkono, ing basa baku iku tembung-tembung kang dianggo kudu diwedharaké wutuh (ora dicekak), ater-ater utawa panambangé (yèn ana) uga kudu dilairaké. Semono uga anasiring parama sastra ing tataran ukara, kayata, jejer, wasésa, lésan, katerangan (yèn ana) kudu diwedharaké.
Contoné, mangkéné.

Ora baku: Baku:
1. Aku ra dé dhit. 1a. Aku ora duwé dhuwit.
2. Kodhoké pangan ula. 2a. Kodhoké dipangan ula.
3. Ali ing Jakarta wis suwé. 3a. Ali manggo n (nyambut gawé, sekolah, bebakulan) ing Jakarta wis suwé.

Tembung utawa tetembungan kang dianggo ing basa baku iku kudu dipilih kanthi tlesih amrih trep utawa pas karo leléwaning basané, laras karo swasanané. Tetembungan ahli waris, upamané, bisa dianggo nyebut keluwarga nalika sesorah ing upacara sripah, nanging ora laras yèn dianggo ing sesorah pahargyan dhauping pangantèn. Kajaba iku, ing basa baku sebisa-bisa aja nganti ketrocoban (kecampuran) tembung-tembung kang mung kaprah dianggo déning masyarakat tertamtu inyong ‘aku’, brug ‘kreteg’, belih ‘ora’, ‘beda’, ‘sejé’, kaderan ‘apa iya, apa bener’, upamané, kaprah dianggo déning masyarakat Tegal lan sakiwatengené, ananging mèh ora tau dianggo dèning masyarakat Jawa

26