~ Puspa Rinonce ~
- lobok atiné ‘sabar, ora gampang nesu’
- nggadho ati ‘gawé susah’
- mambu ati ‘rumangsa disenengi, rumangsa disiri, rumangsa ditresnani’
- merak ati ‘nengsemaké, nyenengaké’
- woding ati ‘kekasih, (bocah, wong) kang ditresnani’.
- gantilaning ati ‘kang ditresnani (kekasih, anak, lan sapiturute)’
BASA JAWA KANG BAKU
Basa Jawa kang baku iku basa Jawa kang bisa ditampa lan dipahami déning sadhéngah warganing masyarakat Jawa ing Yogyakarta, Surakarta, Madiun, Malang, Surabaya lan sapituruté. Basa Jawa kang baku iku lumrahé dianggo ing swasana resmi, kayata, ing pahargyan dhauping pangantèn, perepatan dhusun, kotbah ing masjid-masjid utawa gréja, layang ulem, lan sapanunggalané. Titikané basa baku iku, ing antarané, (1) cetha (gegayutan karo teges utawa maknané), (2) winahya (gegayutan karo anasir parama sastrané), (3) pas (gegayuhan karo pamilihing tembung), lan (4) lugas (ora mengku tembung-tembung éntar lan ora dawa-dawa).
Basa baku iku kudu cetha teges utawa maknané. Liré, tembung utawa tetembungan kang dianggo kudu tembung-tembung kang tegesé cetha ora mangro. Tembung karo, upamané, bisa mengku teges ‘lan’, ‘lan uga’, ‘marang’, ‘tumrap marang’, tinimbang’, ‘srana’, ‘déning’, sinambi’, ‘bebarengan anggoné nindaké, lan sapituruté. Jalaran darbé teges utawa dasa nama pirang-pirang, panganggoné tembung karo banjur sok nuwuhaké kléruning panyurasa. Ukara Siti ora olèh mulih karo Suta, upamané, bisa disurasa (a) ‘Siti ora olèh mulih dèning Suta’ utawa (b) ‘Siti ora olèh mulih bebarengan Suta’. Tembung karo ing ukara iku bisa diarani mengku teges mangro, ora cetha, temah perlu disalini nganggo tembung kang luwih cetha supaya trep karo kang
25