Kaca:Puspa Rinonce.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

migunakaké tetembungan landhep pikirané kang padha waé karo lantip.

Tembung lantip iku tegesé ‘gathèkan’ utawa ‘gampang mangertiné’. Teges iki diarani teges kang saluguné. Tembung kang mengku teges saluguné iku diarani tembung lumrah. Tembung landhep ing tetembungan landhep pikirané iku mengku teges sing ora saluguné. Tegesé tembung landhep kang saluguné, yaiku ‘mempan, ora kethul, bisa tumama yèn digunakaké (tumrap gegaman)’. Déné landhep pikirané tegesé ‘gampang mangertine, pikirané bisa cepet nampa lan ngolah ilmu (ngudhari sawijining bab, lan sapanunggalané). Kanthi mangkono, tegesing tembung landhep kang dumunung ing tetembungan landhep pikirané iku adoh saka teges kang saluguné. Jalaran adoh saka teges kang pokok utawa kang saluguné, mula tetembungan mau banjur diarani (tembung) éntar.

Sesipatané pikiran kang bisa cepet nampa lan ngolah ilmu iku diarani lantip. Ananging ing tetembungan mau lantip diganti nganggo tembung landhep. Ing mangka, tembung landhep iku minangka sesipataning gegaman, kayata, pedhang, péso, pethèl, lan sapituruté. Kanthi mangkono, landhep kang kanggo mènèhi sesipatané pikiran ing tetembungan landhep pikirané iku kena diarani silihan. Mulané, tembung éntar uga diarani tembung silihan.

Tembung éntar iku dianggo ora mung winates ing basa susastra, ananging uga sok dianggo ing basa padinan. Tembung éntar kang dianggo ing padinan iku lumrahé tembung éntar kang wis kerep kanggo utawa wis bola-bali dianggo temah wis ora krasa teges éntaré minangka bumbu amrih basané katon nges, ora njuwarèhi. Cotoné tembung éntar, upamané, mangkéné.

pingget atiné ‘serik’
perih atiné ‘susah, nlangsa banget’
entèk atine ‘ora duwé pangarep-arep’
cilik atiné ‘sumelang, jirèhan, gampang wedi, gampang susah’
gedhé atiné ‘mongkog, manteb’

24