~ Puspa Rinonce ~
tembung mau ditulis nganggo sigegan aksara p panulisé tembung kaya mangkènè iki murih wujudé tembung Jawa mau isih bisa ditandhing-tandhing karo wujudé tembung kang asli. Kagem lelimbangan, ing ngisor iki conto sawatara tembung kang kudu ditulis nganggo sigegan aksara b lan p.
abab | apsari ‘widadari’ |
abdi | aplala ‘linuwih’ |
abjad | ajap |
absah | alap-alap |
anteb ‘abot banget’ | antep ‘setya tuhu’ |
bab | baptis |
kitab | klilip |
surup | |
sebab | sap ‘lapisan’ |
tatab, ketatab | tutup |
TEMBUNG ÉNTAR
Basa iku kena diarani sawijining piranti kanggo mahyakaké utawa medharaké cipta, rasa, lan karsaning manungsa marang sapepadhané. Carané migunakaké basa kanggo medharaké cipta, rasa, lan karsa mau warna-warna, ana kang mung cekak aos, ana kang ngandhar-andhar, ana kang migunakaké tembung-tembung lumrah, ana kang migunakaké tembung-tembung éndah, lan sapituruté, temah wujud wetuning basa iku uga warna-warna contoné, mangkéné.
- (1) Cah kuwi cèn lantip tenan.
- (2) Bocah kuwi pancèn lantip tenan.
- (3) Bocah kuwi pancèn landhep pikirané tenan.
Ukara telu iki surasané padha. Bedané, ukara (1) migunakaké tembung wancahan (cekakan), yaiku cah (wancahané tembung bocah) lan cèn (wancahané tembung pancèn), déné ukara (2) lan (3) migunakaké tembung-tembung kang wutuh. Bédané manèh, ukara (1) lan (2) migunakaké tembung lantip, ukara (3)
23