~ Puspa Rinonce ~
tembung-tembung iki asring diucapaké /sabapé/, /sabapipun/, /kitapé/, kitapipun/. Jalaran kadayan saka pakecapan, mula banjur ana wong (bocah-bocah) kang kèwuhan anggoné mbédakaé endi tembung kang ditulis nganggo sigegan aksara b lan endi tembung kang mesthiné ditulis nganggo sigegan aksara p. Ora mokal yèn ing jaman saiki sok tinemu tulisan , upamané, ateb, klilib, manteb (nganggo sigegan aksara b) lan bab, kitab, lepda (nganggo sigegan aksara p) tulisan-tulisan kaya mangkéné ora bener.
Panulisé tembung iku ora mung adhedhasar pakecapané thok. Yén panulisé tembung iku mung adhedhasar pakecapan, mesthi ana pakèwuhé. Jalaran, pakecapané tembung ing papan siji lan sijiné iku sok ora padha. Ing wilayah Tegal, Banyumas, Kebumen, lan sakiwatengené, upamané pakecapané tembung-tembung kang mawa sigegan b bèda karo tembung kang mawa sigegan p (pakecapané sigegan b luwih mantep lan cetha). Ananging ing wilayah Yogyakarta, Surakarta, lan sakiwatengené, pakecapané sigegan b lan p kang tumrap ing pungkasaning wanda iku mèh padha, yaiku dadi /p/ kaya kang wis dibèbèraké ing dhuwur mau. Éwa samono, anasir pakecapan uga perlu digatékaké ing babagan panulisé tembung. Upamané, yèn kang dikarepaké ing pakecapan kuwi /punik /, tembung iki ya ditulis punika. Ananging yèn dikarepaké ing pakecapan iku /m nik /, tembung mau ya ditulis menika.
Panulisé tembung nganggo sigegan b utawa nganggo sigegan p iku perlu ngèlingi teges utawa maknané. Jalaran, ana sawenèhing tembung Jawa manawa ditulis nganggo sigegan aksara b béda tegesé karo yèn ditulis nganggo sigegan aksara p. tembung anteb, upamané, tegesé béda karo antep. Tembung anteb tegesé ‘abot banget’, antep tegesé ‘setya tuhu’, ‘tetep nggegegi panemuné’.
Kajaba bab kang dibèbèraké mau, panulisé tembung uga perlu ngèlingi asalé tembung. Yèn tembung mau asalé saka basa manca lan asliné ditulis nganggo sigegan aksara b, tembung mau ya kudu ditulis nganggo sigegan aksara b semono uga yèn
22