~ Puspa Rinonce ~
utawa keliwat ing wates). Dadi, tembung nami kuwi kena diarani tembung krama hipercorrect (bener sing kladuk, sing kliwat saka ing wates).
Kajaba nami, tembung krama kang kalebu hipercorrect iku ana manèh liyané. Contoné, tembung udan (ngoko) dikramakaké dadi jawah, tembung jawah (krama lugu sing baku) dikramakaké manèh dadi jawuh, jawoh, utawa jaweh; bisa (ngoko) dikramakaké dadi saged, tembung saged (krama lugu sing baku) dikramakaké manéh dadi waged; ésuk (ngoko) dikramakaké dadi énjing (krama baku), tembung énjing dikramakaké manèh dadi énjang; jaran (ngoko) dikramakaké dadi kapal, tembung kapal (krama lugu sing baku) dikramakaké manéh dari kèpèl. Kanthi mangkono, tembung jawuh, jawoh, jaweh, waged, énjang, lan kèpèl kalebu golonganing tembung krama hipercorrect.
Ing sajroné buku parama sastra Jawa tembung krama hpercorrect kuwi diarani krama désa. Ananging, jeneng “krama désa” iku satemené ora trep awit wong ing kutha uga ana sing nganggo tembung kaya mangkono kuwi. Sing cetha, dumadiné tembung sing kaprah diarani “krama désa” iku awit ana sapéranganing warga masyarakat sing ora ngerti endi tembung krama sing bener lan sing luput. Jalaran tembung krama kaya mangkono kuwi nyebal saka paugeran, beciké tembung-tembung mangkono mau ora dianggo ing basa Jawa sing resmi.
PANULISÉ TEMBUNG : SIGEG AKSARA B APA P?
Pakecapané sigegan b lan p kang tumrap ing pungkasaning wanda (wanda sapisan, pungkasan, utawa wanda tengah) sok-sok keprungu padha utawa mèh padha, yaiku dadi /p/. Tembung sabtu, bab, sabab, kitab, upamané, pakecapané asring kaprungu /saptu/, /bap/, /sabap/, /kitap/. Pakecapané sigegan p ing tembung, kayata, sapta/sapto/, kécap/kecap/, dhadhap/dadap/, cap/cap/. Bab iki luwih cetha manèh yèn sigegan b mau dumunung ing pungkasaning tembung lan banjur olèh panambang, kayata, sababé, sababipun, kitabé, kitabipun, lan sapituruté.
21