~ Puspa Rinonce ~
(ora kudu) diwuwuhi tandha panggandhèng (-) ing antarané ater-ater lan linggané. Contoné, mangkéné.
- (1) Kitab-kitab wau kedah dipun-ji déning para santri.
- (2) Anaké dipunji ngalor ngidul.
- (3) Supados langkung awèt, usukipun dipun-tir rumiyin!
- (4) Tangané Ali dipuntir Amat.
- (5) Cobi, kagunganipun sawung punika dipun-thuki sawung kula!
- (6) Lemahé aja dipunthuki ngono kuwi!
- (7) Sitinipun ampun dipun-punthuki mekaten punika!
ING DÉSAKU NGEDEGAKÉ LUMBUNG PACEKLIK
Manut paugeran, saben ukara iku saora-orané kudu mengku anasir warna loro, yaiku jejer (subjek) lan wasésa (predikat). Tumrap ukara ing basa sing resmi, luwih-luwih ukara mau minangka ukara carita lan adhapur ukara tanduk (aktif), anasir loro iku kudu ana lan kudu diwahyakaké (diwedharaké), ora kena dicelet.
Ukara sing kapacak ing dhuwur iku mengku anasir warna telu, yaiku ing désaku katrangan papan, ngedegaké wasésa, lan lumbung paceklik lésan. Kapirid saka ing isiné, ukara mau kalebu ukara carita. Yèn kapirid saka wasésané, ukara kasebut kalebu ukara tanduk amarga tembung kang dadi wasésaning ukara, yaiku ngedegaké, kalebu éwoning tembung kriya tanduk.
Sanajan wis mengku anasir telu, ukara ing dhuwur iku kena diarani ukara gothang, ukara sing ora genep, jalaran ora ana jejeré. Tembung désaku ing ukara iku dudu jejer. Manut pranatan, tembung sing dadi jejering ukara iku ora kena diwuwuhi tembung ancer-ancer ing sangarepé. Tembung sing diwuwuhi tembung ing ngarepé kuwi lumrahé mung minangka tembung katrangan kang nuduhaké papan utawa panggonan. Manawa tembung désaku ing ukara kasebut pancèn dikarepaké minangka jejering ukara, mesthiné tembung ancer-ancer ing sing dumunung ing ngarepé tembung mau diilangi.
19