~ Puspa Rinonce ~
Cundhuk karo bab panganggoné tembung kita kaya kang tumrap ing ukara (1) lan (2) iku satemené durung sadhéngah wong gelem nampa. Ana panganggep yèn tembung kita ing basa Jawa iku tegesé ‘kowé’ utawa ‘sliramu’ lan kanggoné mung ing basa padhalangan utawa kethoprak. Tembung kita kang mengku teges ‘aku lan kowé kabeh’ utawa ‘kula lan panjenengan sedaya’ kuwi isih dianggep tembung Indonesia, dudu tembung Jawa.
Satemené tembung kita kang mengku teges ‘aku lan kowé kabèh’ iku dudu mung darbèké basa Indonesia. Tembung kita kaya mangkono mau ing basa Jawa uga ana (pirsanana Baoesastra Djawa anggitané W.J.S. Poerwadarminta, kaca 225), malah wis ana basa Jawa Kuna (pirsanana, upamane, Kamus Jawa Kuna-Indonesia anggitané L. Mardiwarsito, kaca 146). Kanthi mangkono, tembung kita kang ateges ‘aku lan kowé kabeh’ kaya kang tumrap ing ukara (1) lan (2) mau ora luput. Bab isih ana rasa durung sreg, isih nggronjal yèn mrangguli panganggoné tembung kita kaya ing ukara kasebut, mung gumantung pakulinan.
KULA SUWUN APA KULASUWUN?
Ukura, “Dhimas takjaluk aja grusa-grusu anggoné ngudhari prakara iki”, bisa dikramakaké dadi, “Dhimas kula suwun ampun grusa-grusu anggènipun ngudhari prakawis punika.” Tembung takjaluk ing ukara iki minangka tembung tanggap utama purusa, temah panulisé tak- kudu digandhèng karo tembung lingga jaluk. Jalaran, tak- ing kono kalebu ater-ater, yaiku ater-ater tanggap utama purusa. Tembung takjaluk mau yèn dikramakaké dadi kula suwun. Sanajan kula suwun iku mengku teges padha karo takjaluk, ananging panulisé kula ora digandhèng karo suwun amarga tembung kula ora kalebu golonganing ater-ater. Buktiné, tembung kula iku bisa ditulis ing purwaning ukara, pungkasaning ukara, ing sangareping tembung, ing saburining tembung, lan saterusé, kang beda karo ater-ater salumrahé. Contoné, mangkéné.
- Kula pendhet barang punika, awit kula pitados yèn barang wau saestu gadhahan kula.
16