Kaca:Puspa Rinonce.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

ing basa Indonesia. Ing basa Indonesia tembung ing wandané pungkasan ditulis kanthi sigeg aksara g iku mèh ora ana. Yèn ana tembung utawa tetembungan sing mula bukané ditulis kanthi sigeg aksara g ing pungkasaning wandané, panulisé kudu dilarasaké karo paugeran panulisé basa Indonesia, yaiku sigegan aksara g diganti sigegan k. Mulané ing basa Indonesia tembung guhek, godok, goblok, rontok, cocok, upamané, ditulis kaya mangkono kuwi, ora ditulis gudeg, godog, goblog, rontog, cocog.

Paugeran panulising tembung ing basa Jawa iku ora kabèh padha karo paugeran panulising tembung ing basa Indonesia. Ing basa Jawa ana sawetara tembung sing béda tegesé yèn ditulis kanthi sigeg aksara g lan aksara k ing pungkasaning wandané. Tembung sisig ‘ngireng untu ngango banyon’ béda tegesé karo sisik ‘kuliting ula, iwak loh, lan sapanunggalané kang lelingkapan’, popogajeg’ béda tegesé karo popok ‘lèmèk utawa tapihing bayi’, kecocog ‘kecubles barang lancip’ béda tegesé karo kecocok ‘kelebon pangan kang disirik’. Conto-conto iki minangka bukti yèn g lan k ing kono asipat distingtif utawa mbédaké tegesing tembung. Kanthi mangkono, panganggoné aksara g lan k ing basa Jawa iku ora kena digebyah uyah. Sing bener, panulisé tembung gudheg iku sigeg aksara g (dudu sigeg aksara k) ing pungkasaning wandané amarga pakecapan kang dumunung ing pungkasaning wanda mau anteb. Tembung-tembung liyané kang wandané pungkasan kudu ditulis kanthi sigeg aksara g, kayata, budheg, judheg, wareg, kreteg, gribig, gudhig, gedhig, nggobig, grobag, blabag, bedhag, bedhug, gubug, gludhug, godhog, goblog, rontog, gogrog.


NGGÈR, APA KITA DURUNG MANGERTI ULUN?

Ukara kang migunakaké tembung kita lan ulun mangkéné iki lumrahé diucapaké déning para déwa, kayata Bathara Guru, Bathara Narada, Bathara Bayu, utawa Bathara Kumajaya, marang sapepadhaning déwa utawa marang titah marcapada ing crita wayang utawa kethoprak. Ing basa padinan ukara kaya mangkono iku ora kelumrah utawa ora ana. Saupama ing basa padinan

14