Kaca:Puspa Rinonce.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Miturut sejarah padhalangan, punakawan iku biyèn-biyèné mung telu, yaiku Semar, Garèng, lan Pétruk. Bagong kuwi punakawan ciptan utawa gawéan anyar (jaman dhalang Nyi Panjang Mas). Supaya cetha yèn punakawan sing dikarepaké iku cacahé papat, ora mung telu kaya biyèn, Bagong banjur disebut kanthi tembung panggandhèng sumawana kang tegesé ‘kalebu’ (mratélakaké yèn Bagong iku punakawan wuwuhan). Kanthi mangkono, panganggoné tembung sumawana ing ukara iku trep utawa laras karo maknané.

Ana manèh panganggoné tembung panggandhèng sumawana, upamané, mangkéné.

Para tamu kakung sumawana putri, …

Kapirid saka maknané, panganggoné tembung sumawana ing ukara iki ora trep utawa ora laras. Jalaran, jejer kalenggahané tamu kakung lan putri iku padha utawa sejajar. Yèn panyebuté nganggo tembung sumawana ‘kalebu’, bisa dianggep yèn sing pokok iku tamu kakung tamu putri kaya-kaya mung wuwuhan. Supaya laras, ukara mau bisa didandani, upamané, mangkéné.

Para tamu kakung putri,…..
Para tamu kakung saha (lan, tuwin, miwah,lsp.) putri,….


GUDHEK APA GUDHEG?
Ing jaman saiki sok ana bocah sing nulis tembung gudhek (wanda pungkasan sigeg aksara k) lan ana uga sing nulis tembung gudhek (wanda pungkasan sigeg aksara g). Tumrapé tembung iki ditulis gudhek utawa gudheg pancèn ora njalari bédané tegesing tembung. Tetembungan tuku gudhek ora béda tegesé karo tuku gudheg. Ananging yèn ana tembung siji (satembung) ditulis kanthi cara warna loro kaya mangkono mau mesthi ana salah siji sing ora bener, sing nyebal saka paugeran. Banjur endi cara sing bener?

Panulisé tembung gudhek (wanda pungkasan sigeg aksara k) iku bokmanawa amarga kadadéan saka cara panulising tembung

13