Kaca:Puspa Rinonce.pdf/140

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

(sejarah, mitos, lan kapercayan), prakara sing diandharaké dadi ora tinemu nalar lan magis saperlu kanggo ngluhuraké raja lan wangsané. Babad ora mung tinemu ing sastra Jawa baé, nanging uga ing sastra Bali, upamané Babad Pasèk, Babad Arya, Babad Bulèlèng, lan sapanunggalané. Ing Bali, racaké babad ditulis nalika jaman Kraton Gelgel (1340—1705).

129