Kaca:Puspa Rinonce.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Nulis tembung utawa tetembungan kang mung ngelingi pakecapan thok kaya mengkono iku durung mesthi bener lan pener. Yèn nulis konco kanthi aksara swara /o/, banjur kepriyé anggoné mbédakaké nulis tembung loro sing kramané sakit lan loro sing kramané kalih? Ana cara kanggo nyumurupi tembung sing kudu ditulis kanthi aksara swara /T/. Carané mangkéné.

Yèn tembung linggané diwuwuhi panambang warna-warna (panambang thok utawa ana ater-ateré) nuli pakecapané aksara swara ing tembung mau lumrahé dadi /T/, panulisé tembung mau (lingga lan andhahané) kudu kanthi aksara swara /T/.

Conto : lara: laraku, laramu, larané, dilarani, nglarani
tamba: tambané, ditambani, ditambakaké, tambanana
lunga: lungané, lungamu, dilungakaké, nglungani

Kanthi mangkono, nulis konco (kanthi aksara swara /o/) iku luput lan sing bener kudu kanthi aksara swara /T/, yaiku kanca. Buktiné tembung iki yèn dipanambangi dadi kancamu, kancaku, kancanana.
Conto ukara:

Luput Bener
- Aku ngajak konco limo. - Aku ngajak kanca lima.
- Koncoku sing loro dumadakan loro. - Kancaku sing loro dumadakan lara.
-Dino Seloso wingi aku ora sido lungo. - Dina Selasa wingi aku ora sida lunga.

Conto liyané:

Luput Bener Luput Bener
acoro acara garwo garwa
agomo agama gelo gela
bolo bala gito-gito gita-gita
bopo bapa godo gada
boto bata gogo gaga
cidro cidra gono-gini gana-gini
ciloko cilaka goro-goro gara-gara
dhodho dhadha gowo, digowo gawa, digawa
dino dina gulo jowo gula jawa
doro dara guno guna
éco éca guwo guwa

3