Kaca:Puspa Rinonce.pdf/139

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

mesthi rumangsa bombong lan seneng. Ora mung kuwi, para dhayang ing kraton sing wus naté dadi sisihané kawindra dipercaya yèn luwih pinter ing babagan tatakrama lan subasita ing antarané dhayang-dhayang liyané. Menawa sawijing kawindra nggurit kakawin sing isiné ngluhuraké ratu lan ratu kasebut bisa nampa, kawindra bakal diparingi bebungah déning ratu. Bebungah saka ratu marang kawindra mau arupa tanah lan karas. Kanthi bebungah kasebut, sang ratu kagungan pepénginan supaya kawindra tansah bisa ngundhakaké kaluwihané sajroning makarya dadi juru gurit kraton. Kejaba kuwi, ratu uga duwé pangajab menawa panjenengané wis nuduhaké rasa sarujuké marang kawindra anggoné makarya minangka juru gurit kraton.


BABAD
Babad iku jinising sastra Jawa sing isiné arupa campuran sejarah, mitos, lan kapercayan. Adhedhasar isiné, babad bisa kapérang dadi telung warna, yaiku (1) babad sing isiné ngemot sejarah, upamané Babad Tanah Jawa, Babad Kartasura, Babad Banten, Babad Bandawasa, Babad Pacitan, Babad Pathi, Babad Wirasaba, Babad Kebumèn, lan liya-liyané; (2) babad sing isiné ngemot labuh-labeté sawijing tokoh, upamané Babad Ajisaka, Babad Arungbinang, Babad Dipanegara, Babad Mangkubumi, Babad Pakualaman, Babad Sultan Agung, Babad Trunajaya, Babad Untung Surapati, lan sapanunggalané; lan (3) babad sing isiné ngandharaké sawenèhing kadadéan, upamané Babad Bedhah Ngayogyakarta, Babad Giyanti, Babad Pacina, Babad Pakepung, lan liya-liyané.

Babad racaké ditulis nganggo tembang macapat, nanging uga ana sing ditulis nganggo basa gancaran, upamané Babad Pagedhongan, Babad Sruni, lan liya-liyané. Amarga babad iku jinising sastra Jawa sing isiné ngemu campuran pirang-pirang bab

128