Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

- Palang mangan tandur. ‘Wong kang dipracaya njaga keslametan, nanging malah ngrusak kang dijaga’.


PARIKAN
Ing jagating kasusastran Jawa ana unén-unén kang diarani parikan. Unén-unèn kang diarani parikan kuwi dhapukané nganggo purwakanthi, lumrahé purwakanthi guru swara. Saben parikan dumadi saka rong pérangan, yaiku pérangan sapisan diarani purwaka utawa bebuka lan pérangan kapindho diarani wos, nges utawa isi. Pérangan sapisan diarani purwaka utawa bebuka jalaran tetembungan kang dianggo ing pérangan iki ora mengku teges utawa ancas kang wigati kajaba mung kanggo narik kawigaténé wong supaya nggatèkaké wos utawa isining pitutur, panemu, lan sapituruté kang diwahyakaké ing pérangan kapindho. Saben sapérangan dumadi saka rong gatra lan saben gatrané ana kang adhapur 4 wanda lan ana uga kang adhapur 8 wanda. Contoné mangkéné.

  1. Parikan kang adhapur (4 wanda + 4 wanda) x 2
    1. Obat-abit, ubad-abed
      Ora ubed, ora ngliwet
    2. Ana semut, mlebu gendul
      Aja manut, sétan gundhul
    3. Singgah klentheng, anèng genthong
      wongé ngganteng, saké kothong
    Parikan (a) nganggo purwakanthi (bi)t – (be)d, - (we)t; (b) nganggo purwakanthi ut –ul, ut – ul; (c) nganggo purwakanthi theng – thong, theng – thong. Parikan telu ing dhuwur iku siji lan sijiné bisa dipérang dadi loro. Pérangan siji awujud purwaka utawa bebuka, yaiku (a) obat-abit, ubad-ubed, (b) ana semut, mlebu gendul, (c) singgah klenteng, anèng genthong. Pérangan loro disebut wos, nges, utawa isi, yaiku (a) ora ubed, ora ngliwet, (b) aja manut, sétan gundhul, lan (c) wongé ngganteng, saké kothong.

123