Kaca:Puspa Rinonce.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

‘Agung nindakaké pakaryan ninggal pagawéan kanggo Wening (lésan)‘.

Banjur kepriyé tembung ninggalaké ing ukara Wis suwé Abu ninggalaké désané? Panganggoné tembung iku nyata ora laras karo isining ukara kasebut. Jalaran, pakaryan‘ninggal‘ ing kono ora kanggo sapa-sapa. Tegesé, désané ing ukara iku ora ditinggalaké marang sapa waé. Kanthi mangkono, ukara iku sing bener Wis suwé Abu ninggal désané. Utawa, yèn ora nganggo tembung ninggal lan tegesé ukara iku isih padha, ukara mau bisa diowahi dadi Wis suwé Abu lunga saka désané.


AYAT PUNIKA ARTOSIPUN MAKATEN
Tembung artosipun ing ukara iku kanggo ngramakaké tembung artinya utawa artinipun. Tembung arti iku isih kapétung tembung Indonesia, durung mlebu ing basa Jawa. Déné ing basa Jawa tembung arti bisa diganti nganggo tembung teges, makna, utawa surasa. Tembung teges lan makna iku kalebu éwoning tembung krama ngoko, temah ora perlu dikramakaké. Tembung surasa kalebu tembung ngoko, kramané dadi suraos. Teges lan surasa utawa suraos iku tembung Jawa tulèn, déné tembung makna asalé saka basa Arab. Kanthi mangkono, ukara mau bisa diowahi mangkéné.

  1. (a) Ayat punika tegesipun makaten.
  2. (b) Ayat punika maknanipun makaten.
  3. (c) Ayat punika suraosipun makaten.


KONCO APA KANCA?

Ana wong sing nulis kanca (kanthi aksara swara /T/) lan ana uga sing nulis konco (kanthi aksara swara /o/). Wong sing nulis konco kanthi aksara swara /o/ iku mengku karep amrih laras karo pakecapané amarga pakecapan aksara swara ing tembung mau mèh padha karo pakecapaning aksara swara ing tembung, kaya ta bosok, blorok, lombok, pojok, tombok.

2