~ Puspa Rinonce ~
diangkah bisa dadi pemecut tumrap masyarakat supaya gregeté nggayuh kamardikan mau saya makantar-kantar. Supaya slamet sakabèhé, rékadaya iki tansah sinamun ing karang-karangané. Tata lairé nyèngkuyung Jepang anggoné ngadhepi perang karo Sekutu, nanging sajatiné duwé karep nggugah lan ngobong semangaté masyarakat Indonesia supaya aja nganti kendho anggoné nggayuh kamardikan.
Amarga kaanan, asil karyané para pangarang ing jaman penjajahan Jepang iku ora akèh. Sastra Jawa kang kacithak awujud buku mung ana siji, yaiku novèl Trimurti anggitané Ki Lumbung (jeneng sesinglon). Novèl iki awujud besutan saka crita sinambung kang wis tau kapacak ing kalawarti Moestika, dudu crita gawéan anyar. Déné asil karangan liyané awujud crita cekak, geguritan, lan tembang macapat kang kapacak ing Pandji Poestaka.
Pangarang kang seneng nganggit tembang macapat ora akèh. Ing kéné bisa disebut, upamané, K. Goenadi nganggit tembang macapat kanthi irah-irahan Katur para Dermawan (1994) lan Bas Hadimidjojo nganggit tembang macapat kanthi sesirah Welingipun Bapa Guru (1944).
Pangarang kang sregep nganggit geguritan ing jaman Jepang, yaiku Subagio Ilham Notodijoyo. Asmané panggurit iku sok mung ditulis Subagio I.N. lan penjenengané uga asring nganggo jeneng sesinglon Satrio Wibowo, Angga Jali, Damayanti, utawa Endang Murdiningsih. Geguritan asil karyané pangarang iki akèh kang kapacak ing Pandji Poestaka, kayata, Kekasihku…, Kasampurnaning Dhiri, Biyungku, Ilat, Ginawé Pribadi, Tepa Palupi, lan Rerengganing Ngaurip. Geguritan Kekasihku …minangka wohing cipta ripta “monumèntal”. Ing geguritan iki pangarang tansah ngantu-antu tekané kamardikan tumrap bangsa Indonesia. Kamardikan mau dipindhakaké kekasih kang banget dikangeni.
Kekasihku…
Layu lesu atmaku pindha taru
Ngantu-antu nunggu tekamu
112