Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

peng-pengan nyithak lan ngetokaké buku-buku kasusastran Jawa, ditutup. Kanthi mangkono, ing wiwitané penjajahan Jepang sastra Jawa kena diupamakaké mlebu ing pepeteng banjur semaput utawa klenger, nanging ora mati.

Amrih gampang anggoné ngendhalèni Nusantara, Jepang kepéngin ngilangi basa Walanda lan basa dhaérah, kalebu basa Jawa. Kanggo gantiné, Jepang mulangaké basané, yaiku basa Jepang, marang para murid ing sekolahan-sekolahan lan marang warganing masyarakat ing padésan utawa ing kampung-kampung. Ananging pepénginané Jepang iki ora kasil kanthi becik. Ing mangka, Jepang butuh piranti propagandha perang ngadhepi Sekutu. Jepang banjur rumangsa yèn tumindak arep ngilangi basa dhaérah iku klèru amarga basa mau bisa dianggo piranti nyebar propagandha marang masyarakat, luwih-luwih masyarakat padésan. Mulané, Jepang banjur mènèhi papan mirunggan kanggo ngemot tulisané para pangarang sastra Jawa ing kalawarti Pandji Poestaka, yaiku kalawarti kang bakuné nganggo basa Indonesia.

Kanggo ngurusi tulisan utawa karangan basa Jawa kang bakal dipacak ing Pandji Poestaka mau, Jepang matah uwong, kayata, Subagio Ilham Notodijoyo, Poerwadi Admodihardjo, lan Poerwadarminta, lan wong-wong mau sabanjuré didadèkaké pegawé. Wong-wong kang kasebut iku kalebu pangarang (penulis) basa lan sastra Jawa kang peng-pengan. Ora mokal yèn tulisan kang di mot ing kalawarti mau akèh-akèhé ya tulisané wong-wong mau. Mula kondhangé pangarang sastra Jawa ing Pandji Poestaka kuwi sinebut “orang dalam” amarga kang nulis ya pegawéné kalawarti iku mau. Ananging, kepriyéa waé Pandji Poestaka kuwi kena diarani juru selamat tumrap ing sastra Jawa.

Para pangarang sastra Jawa ing jaman penjajahan Jepang kuwi kena dipindhakaké wong siji apengawak loro. Sapisan, pangarang mau dadi pegawéné Jepang kang ditrapi jejibahan nyebar propagandha supaya masyarakat gelem mbantu ngadhepi Sekutu. Kapindhoné, pangarang mau uga pérangané bangsa Indonesia kang lagi nggayuh kamardikan. Mula, asil karyané pangarang iku

111