~ Puspa Rinonce ~
Konsèp ngono iku diangkat déning Suparto Brata ing karya-karyané.
KI PADMASUSASTRA LINGUIS JAWA
Ki Padmasusastra iku kalebu linguis (ahli basa) Jawa lan sastrawan kang kaloka ing jamané. Ki Padmasusastra luwih akèh nulis buku kang gegayutan karo basa Jawa tinimbang buku sastra Jawa.
Buku-buku karyané Ki Padamasusastra kang ngrembug basa Jawa, yaiku Layang Paramabasa (Surakarta, 1987), Serat Warnabasa (1900), Serat Pati Basa (1912), Serat Madubasa (1912), Serat Urap Sari (1896), Layang Basa Sala (1911), lan ensiklopedi kang asesirah Serat Bauwarna (1898).
Buku-buku sing kasebut iku digunakaké minangka sumber déning para pangripta buku wulangan basa lan kamus ing wektu iku.
SASTRA JAWA JAMAN JEPANG
Jepang njajah Indonesia suwéné udakara 3½ taun. Sanajan kena dipindhakaké mung saumuré jagung, nanging penjajahan mau nuwuhaké panandhang kang luwih saka kad tumrap bangsa Indonesia. Akèh wong kang nandhang lara bèri-bèri amarga kurang pangan, nganggo sandhangan saka goni amarga sandhangan kang salumrahé larang banget, lan isih akèh panandhang liyané kang disangga déning bangsa Indonesia wektu semana.
Menawa katandhing karo penjajahan sadurungé, penjajahan Jepang tetéla luwih kejem. Lan manèh, sadhéngah bab kang magepokan karo politik, ékonomi, keamanan, sosial, lan kabudayan diawasi temenan. Layang kabar, kang awujud ariwarti utawa kalawarti, kang abasa Walanda lan basa dhaérah, kalebu kang nganggo basa Jawa, dibrèdhel (ora oleh metu manèh). Kalawarti basa Jawa, kayata Penjebar Semangat lan Kadjawèn, kang nalika penjajahan Walanda minangka udyana (taman) kiprahé sastra Jawa uga dibrèdhel. Balé Pustaka, bebadan kang kalebu
110