Kaca:Puspa Rinonce.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BASA


WIS SUWÉ ABU NINGGALAKÉ DÉSANÉ
Tembung ninggalaké ing ukara iku kadhapuk saka tembung dhasar ninggal kawuwuhan panambang –aké (ora langsung saka tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater anuswara lan panambang –aké). Tembung ninggal iki kalebu ewoning tembung kriya tanduk, asalé saka tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater anuswara. Kanthi mangkono, pandhapuking tembung andhahan ninggalaké iku ana rong tataran. Sapisan, tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater anuswara dadi ninggal. Kapindho, tembung ninggal, nuli didadèkaké tembung dhasar, kawuwuhan panambang –aké dadi ninggalaké.

Padha-padha tembung andhahan kang anasiring ater-ater anuswara lan panambang –aké, padhapuking tembung ngulihaké, upamane, béda karo tembung ninggalaké mau. Tembung ngulihaké kadhapuk saka tembung lingga ulih kawuwuhan ater-ater anuswara lan panambang –aké, ora saka tembung dhasar ngulih kawuwuhan panambang –aké.

Panambang –aké kang kawuwuhan ing tembung kriya tanduk, kaya kang dumadi ing tembung ninggalaké, iku lumrahé mengku teges nindakaké pakaryan kang kasebut ing dhasaring tembung kanggo wong liya utawa kanggo lésané. Upamané, Agung ninggalaké pagawéan kanggo Wening. Ukara iki mengku teges

1