Kaca:Puspa Rinonce.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi prosès.

Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R. Intojo (pangripta susastra Indonesia Angkatan Pujangga Baru). Conto geguritan gagrag anyar anggitan R. Intojo iku mangkéné.

DAYANING SASTRA
R. Intojo

Tembung kang ginantha lelarikan,
Tinata binaris kadya bata,
Sinambung pinutung manut ukuran,
Dene banjur kasinungan daya !

Kumpulé bata dadi yayasan,
Aweh nggon apik, brukut, santosa,
ngepénakaké wong urip bebrayan,
samono dayaning bata tinata.

Gegedhongan tembung kang mawa isi,
Katiyasané ngungkul-ungkuli,
Wohing laku, pamikir, lan pangrasa,
Para empu, pujangga, sarjana.

Simpen, ginebeng ing gugubahan,
Mawindu-windu dadi turutan.

(Kajawèn, nomer 26, 1 April 1941)


Geguritan iki wis ora nganggo pambuka “sun-gegurit” lan cacahing gatra saben sapadané dalah cacahing wanda saben gatrané ora ajeg. Éwa semono, geguritan mau durung kena diarani mardika temenan jalaran isih nganggo paugeran kaya paugeraning sonéta ing kasusastran Indonesia (gatrané ana 14, dumadi saka kuartrèin telu lan distikhon siji, purwakanthiné a-b-a-b, b-c-b-c, c-d-c-d, e-e). Kanthi mangkono, geguritan gagrag

107