Kaca:Puspa Rinonce.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

  1. (3) Dhongdhingé swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair ing kasusastran Melayu/Indonesia).
  2. (4) Geguritan iki lumrahé dipurwakani nganggo tetembungan sun anggurit
  3. (5) Geguritan gagrag lawas lumrahé isi piwulang, upamané, bab tata krama.

Conto geguritan gagrag lawas.

Sun-gegurit
Kaanan jaman saiki
sipat pemudha-pemudhi
srawungané saya ndadi
raket wewékané sepi
tan kadi duk jaman nguni
srawung sarwa ngati-ati

Yèn manut wasitèng kuna
priya srawung lan wanita
gampang ketaman panggodha
nerak ing laku susila
temah darbé jeneng ala
wasanané tibèng papa

Geguritan kang dipethik iki dhapukané mèmper tembang Girisa (arané tembang gedhé). Ananging, sanajan bisa ditembangaké, geguritan iku ora kalebu tembang macapat, tembang tengahan, utawa tembang gedhé.

Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modhèrn iku wujudé wis béda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerané geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujudé mèmper karo puisi bébas ing kasusastran Indonesia, mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bébas”. Ananging,

106