Kaca:Puspa Rinonce.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

  1. Wayang orang Sriwedari merupakan salah satu aset kebudayaan Jawa.
  2. Dua puluh lima orang merupakan guru SD di desa terpencil dan yang ditugaskan di Sleman seorang ... dan di Gunung Kidul 65 orang.

Yèn sing dikersakaké kang nulis utawa ngrakit pawarta kaya mangkono, jarwané ing basa Jawa ora bakal kaya ukara 1) lan 2). Sajaké panganggit ndasanamakaké (menyinonimkan) tembung rupa mau karo tembung wujud, sabab, yèn dijarwakaké nganggo tembung rupa tembungé andhahan dadi ngrupakaké dhumpyuh karo tembung rupak ‘sempit’ mula banjur didasanamakaké kanthi tembung wujud (kebeneran tembung wujud ing basa Indonesia lan Jawa padha). Mungguh jarwan kang trep tumraping tembung wujud ing ukara dhuwur mau, ora liya ya minangka utawa pinangka. Dadi, ukara mau bisa diganti dadi kaya ing ngisor iki.

  1. 1b. Wayang wong Sriwedari mono minangka/pinangka salah sijiné asèt kabudayan Jawa.
  2. 2b. Wong 25 mau minangka/pinangka guru SD ing désa kang adoh lor kidul. Lan, sing ditugasaké ing Sléman wong siji ..., ing Gunung Kidul wong 65.
  3. 3b. Wus disumurupi ing akèh manawa tembung asta kuwi minangka/pinangka tembung krama inggil, yaiku krama inggilé tembung tangan.
  4. 4b. Ing kéné cetha yèn tembung kinabektèn iku minangka/pinangka tembung rimbagan warisanané basa Jawa Kuna (basa Kawi).

Déné panganggoné tembung mujudaké mau kang pas kaya ukara ing ngisor iki.

  1. Kanggo mujudaké gegayuhané kang luhur mau, dhèwèké kudu nglakoni pandadaran kang abot.
  2. Pancèn ora gampang mujudaké gegayuhan kang dianggep aèng déning bebrayan agung.

101