Kaca:Puspa Rinonce.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

clana; kathok; sruwal lancingan
dadah; ndadah ginda, ngginda
dolan ameng-ameng
entut sarip


BASA KRAMA INGGIL KANG ORA PENER PANGANGGONÉ
Tulisan iki kababar adhedhasar panalitèn bab kanyatan panganggoné basa krama déning bocah-bocah saiki. Panalitèn mau asesirah “Pemakaian Basa Krama pada Anak-Anak Sekarang: Studi Kasus” (1995).

Bab panganggoné basa krama iku kalebu babagan undha-usuking basa. Ing wektu iki ana kaanan basa kang rada katon menjila, yaiku panganggoné basa krama inggil kang asring dienggo mbasakaké awaké dhéwé (ngramakaké awaké dhéwé). Kaanan mau bisa dipirsani nalika bocah-bocah saiki guneman utawa mangsuli pitakon kang migunakaké basa Jawa krama. Ing ngisor iki diaturaké tuladha pethilan tuturan (ukara) minangka wangsulan kang dituturaké déning sawenèhing bocah nalika ditakoni nganggo basa Jawa krama déning wong kang luwih tuwa.

  1. (1) Dalem ajeng saré kaliyan ibu kémawon.
  2. (2) Kula badhé dhahar rumuyin.
  3. (3) Wah, saweg nanggel sanget, dalem nembé siram.
  4. (4) Dalem ajeng ameng-ameng sekedhap.
  5. (5) Nuwun sèwu, badhé maringaken undhangan menika dhateng Pakdhé.
  6. (6) Dalem takkondur rumiyin.

Tembung-tembung kasebut (saré, dhahar, siram, ameng-ameng, maringaken, lan kondur) klebu basa krama inggil utawa krama alus. Basa krama inggil mau dienggo guneman utawa matur karo wong kang luwih tuwa lan diurmati. Nanging, ing kanyatan saiki, gunemé bocah-bocah kaya tuladha (1)—(6) kuwi akèh tinemu ing saben dina. Gegayutan karo bab kasebut, kita bisa mbeneraké

97