Kaca:Puspa Rinonce.pdf/103

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

priksa bab iki jalaran panjengané asring nyumurupi juru sesorah utawa panatacara kang darbé lagéhan, pakulinan, utawa kamareman dhéwé-dhéwé. Ana juru sesorah utawa panatacara kang kulina migunakaké tembung kinabektèn, ana kang seneng migunakaké tembung binektènan, lan ana uga kang seneng nganggo tembung kabinektènan. Banjur endi kang bener, trep, utawa luwih prayoga?

Tembung kinabektèn, binektènan, lan kabinektènan iki kabèh kadhapuk saka tembung lingga bekti kanthi pangrimbag kang béda-béda. Tembung bekti asalé saka tembung Sanskerta bhakti kang mengku teges ’tresna asih’, ing basa Jawa Kuna utawa basa Kawi sumambung tumekané basa Jawa saiki. Lèrèging pakecapan, tembung bhakti banjur dadi bakti lan pungkasané dadi bekti ’urmat’, setya tuhu’, ’sungkem banget’.

Tembung bhakti ing basa Jawa Kuna (Kawi) kalebu éwoning tembung lingga. Tembung iki bisa digawé tembung andhahan warna-warna, kayata: mabhakti (ma- + bhakti) ’asung pakurmatan’, ’asung bekti’, ’setya tuhu’, kabhaktin (ka- + bhakti + -n) ’pakurmatan’, ’kasetyan’, ’tresna asih’, lan kinabhaktyan (kina- + bhakti + an) utawa kinabhaktin (kina- + bhakti + -n) ’diurmati kanthi andhap asor’, ’diurmati kanthi setya tuhu (tresna asih)’. Tembung kinabhaktyan utawa kinabhaktin iku banjur dadi kinabektèn ing basa Jawa saiki. Tembung kinabektèn tegesé ’diurmati’, ’diajèni’. Ing kéné cetha yèn tembung kinabektèn iku minangka rimbagan warisanané basa Jawa Kuna (basa Kawi). Kanthi mangkono, tembung kinabektèn iku ora luput rimbagané, satemah tetep bisa dianggo ing basa Jawa jaman saiki, mirunggané tumrap ing basa pinacak, basa rinengga, utawa basa susastra. Sanadyan ora akèh, tembung kang rimbagané sairib karo tembung kinabektèn, yaiku mawa wuwuhan kina-/-an utawa kina-/-n, iku ana tunggalé, kayata: kinamulèn ’dimemulé’, ’dimulyakaké’, kinarilan ’dililani’, ’diidini’, ’diparengaké’, lan kinajrihan ’diwedèni’, ’diéringi’.

Kajaba kinabektèn, ana uga tembung binektènan. Tembung binektènan kadhapuk saka tembung lingga bekti olèh wuwuhan

92