Kaca:Puspa Rinonce.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

    1. Utama purusa (wong I) ngandhapaké awaké dhéwé kanggo ngluhuraké pratama purusa (wong III).
      Kula sampun nyaosi kabar dhumateng tiyang sepuhipun laré punika.
    2. Utama purusa ngandhapaké (ngasoraké) madyama purusa (wong II) kanggo ngluhuraké marang pratama purusa (wong III).
      Panjenengan sampun nyaosi kabar dhumateng Bapak Lurah punapa dèrèng?
    3. Utama purusa ngandhapaké pratama purusa (wong III) kanggo ngluhuraké madyama purusa (wong II).
      Piyambakipun (adhi kula, sadhèrèk kula, murid, lan sapitiruté) punapa dèrèng nyaosi kabar dhumateng panjenengan?
    4. Utama purusa (wong I) ngandhapaké pratama purusa (wong III) kanggo ngluhuraké pratama purusa (wong III) liyané amarga béda pangkaté, umuré, lan sapituruté.
      Bapak RT ugi sampun nyaosi kabar dhumateng Bapak Lurah.

Tembung-tembung krama inggil kang ana tembungé krama andhap kaya mangkono kuwi (maringi–nyaosi) satemené ora akèh. Déné conto liyané mangkéné.

Ngoko/Krama Ngoko: Krama: Krama Andhap: Krama Inggil:
takon takèn nyuwun priksa ndangu; mundhut priksa
njaluk nedha nyuwun mundhut
ngundang (KN) - ngaturi nimbali
akon akèn ngaturi dhawuh
nyilih nyambut nyuwun ngampil mundhut ngampil


KINABEKTÈN—BINEKTÈNAN—KABINEKTÈNAN

Ana sutresna Puspa Rinoncé kang mundhut priksa bab tembung kinabektèn, binektènan, lan kabinektènan. Anggoné mundhut

91