Kaca:Puspa Rinonce.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

    1. Manawi wonten kaparengipun, sapunika panjenengan maringi dhumateng kula arta sapalihipun regi montor punika, déné sapalihipun saged panjenengan cicil.
    1. Wong kang guneman (wong I utawa utama purusa) ngluhuraké wong kang digunem (wong III utawa pratama purusa).
      Nuwun sèwu, Pak Lurah, Pak Carik kala wingi sampun maringi arta Rp10.000,00 dhumateng kula.
    2. Utama purusa (wong I) ngluhuraké pratama purusa (wong III) lan nganggep lumrah marang madyama purusa (wong II).
      Panjenenganipun Pak Lurah punapa dèrèng maringi arta dhumateng panjenengan?
    3. Utama purusa (wong I) ngluhuraké madyama purusa (wong II) lan nganggep lumrah marang pratama purusa (wong III).
      Panjenengan kala wingi rak sampun maringi arta Rp20.000,00 dhumateng adhi kula. Dados, panjenengan sapunika kantun maringi Rp1.000,00 malih.
    4. Utama purusa (wong I) ngluhuraké pratama purusa (wong III) lan nganggep lumrah marang pratama purusa (wong III) liyané amarga pratama purusa siji lan sijiné béda pangkaté, umuré, lan sapituruté.
      Panjenenganipun Bapak Camat sampun maringi arta dhumateng Bapak Lurah kanggé wragad ndandosi margi ingkang pedhot amargi katerak banjir seminggu kepengker.
  1. B. Panganggoné tembung krama andhap nyaosi
    1. Utama purusa (wong I) ngandhapaké (ngasoraké) awaké dhéwé kanggo ngluhuraké madyama purusa (wong II).
      Wigatosipun, sowan kula mriki punika nyaosi kabar dhumateng panjenenganipun bilih ….

90