Kaca:Puspa Palupi.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 55 -

guru, sadaja tijang ingkang aningali angobong menjan; awit sadaja ingkang ningali sami ambekta latu merang punapa dēnē ing penḏapi tuwin ing grija wingking inggih angobong dupa; kukusipun kumelun kados ampak-ampak utawi peḏut, saged anju remaken urubing dilah kaṯah, Boten kargantjaraken lelampahaning anggēnipun ang gringgit awit para maos sampun temtu njumerepi.

Katjarijos anggēnipun angringgit ḏalang Ganda sampun dumugi kalih dalu, sesampuning pragat pangringgitipun ḏalang Ganda neḏa pamit mantuk sakantjanipun.

Kjai Bangsadarma: "Inggih, kang Ganda, sanget ing panarimah kula awit anggēn sampejan ngringgit damel suka bingahing kadang warga kula sadaja; dēnē anggēn sampējan angringgit kalih dinten kalih dalu kula aturi kawan dasa ringgit, sarta sampējan kula bektani kunir sakedik kinarja usada padaran mules, sanadyan sakit sanēsipun kēnging kadamel sarana; punapa malih kula meling salebeting sampējan wonten baita sampun njebut asmaning Pangēran, punika awisanipun lēpēn Tuntang, jēn katerak asring manggih bebaja".

"Nun inggih kjai lurah; baḏē kula ēstokaken, manawi sampun terang dawuh sanpejan, kjai lurah, kula njuwun mundur sakantja sadaja".

"Inggah kang Ganda, kula asuka wiludjeng sadajanipun".

Sareng ḏalang Ganda sampun dumugi sadjawining kori, “pitakēn kalih pangenḏang: "E, Tjremakarja, kunir mau kowē apa ora lali?

"Boten kang, punika kula bekta".

“Sokur ḏi, senadjan ing Slatiga ora kurang kunir, a - ēngē dēnē pawēwēhē kjai petinggi takkira gedē paēdahē. Lah, Tjrema, kang separo takgawanē, kang separo takgawanē, kang separo gawanen !".

Ladjeng kabuntel saputangan gembaja katangsulaken ladjeng dipun sabukaken kentjeng, Tjrema inggih makaten.

Sadumuginipun ing babagan ḏalang Ganda tuwin sakantjanipun sami numpak baita kados nalika pangkatipun, lampahing baita milir para nijaga sami suka bingah awit baḏē pikantuk panduman jatra kaṯah. Sareng dumugi sanginggiling kreteg Tuntang, ḏalang Ganda teka kasupēn welingipun Kjai Bangsadarma, dumadakan ngebut asmaning Pangēran: "Ē, kantja