Kaca:Puspa Palupi.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 54 -

rupanē bekakas. Kang katjarita keḏatonē kangdjeng Njai Ratu Segara Kidul kasebut ing babad Mataram, bekakasē mengkono rupanē; wis temtu iki negara pangalapan, mulanē kowē kang prajitna lan adja pisan duwē kamēlikan apa-apa; jēn atimu sutji mesṯi rahardja".

Tumunten gumantos segah warni sekul ulam sapanunggilanipun, pirantosipun boten sanēs kalijan ing ngadjeng. Ingkang angladosi angidjabaken: “Punika, ajana sampējan dipun aturi ḏahar sawontenipun!"

"Ē,, inggih sakalangkung panuwun kula", “Dalang sakantjanipun ladjeng sami neḏa sarta anggēnipun neḏa sakalangkung dēning miraos.

Kotjap, sampun wantji serap surja, ḏalang Ganda sanijaganipun sampun madjeng ḏateng panḏapi, anata gamelan salendro tuwin ringgit ingkang baḏē kangge, ḏalang Ganda sakamantyan gawok ing manah dēnē angungkuli gamelan kraton; menggah udjuding ringgit sadaja gegelipun emas mawi kapatik ing sesotya barlejan, punapa malih ringgit-ringgit para ratu sinukarta sesotya sadaja, tangsuling gapit kawat kentjana, dēnē gapitpun. sadaja saking salaka. Ringgit ladjeng kapanggung kados adat baḏē kadamel angringgit. Dēnē ḏalang anggēnipun anata ringgit tuwin gamelan wonten ing grija paringgitan, ing pendapi sampun kebak tijang djaler ingkang djagong, sadjak penganggēnipun tijang djaler stri kados prijantun ing negari Surakarta, inggih sami ngabotohan. Warni-warni, kadosta: kasukan gitikan (kertu gangsal), tjeki, pei, satuteran, salikuran. Saenggēn-enggēn wonten tijang ngabotohan, sampun kados pabrik gendis ingkang nembē baḏē giling rosanipun. Dēnē grija ing wingking kebak sami lenggah depokan, gelungipun gombēl, sami tjunduk djungkat tanggalan kang katrētēs sesotya, sengkangipun blosokan ingkang katrētēs ing barlējan, mawi kembenan, dēnē rasukan warni kalih ingkang katah takwa tuwin kabajak tjekak ingkang kanggē djaman Kalijoga punika.

Kotjap, ḏalang sasmita talu, sasampuning talu ladjeng djedjer, ingkang minangka djedjer ratuning raksasa adjedjuluk Prabu Niwatakawatja ing nagara Imantaka. Sareng wantji baḏe tengah dalu ḏalang amedalaken Sang Pramēsti