Kaca:Puspa Palupi.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 53 -

Kotjap, ḏalang Gandawignja sakantjanipun malebet ing kori ageng ladjeng ngambah palataran wijar dumugi ing penḏapi. Kjai Bangsadarma saweg linggih ing penḏdapi dipun aḏep para panekaripun kaṯah, sumerep ḏalang Ganda ḏateng, enggal angawē-awē ngundang kapurih njelak.

"Kula nuwun, kjai Lurah, pasang alinan tabē , linepatna saru sikuning lampah kula, margi aparinga ing pangaksama".

"Inggih kang Ganda, sami-sami kēmawon, kula suka pamba gē ḏateng kang Ganda sakantja sampējan sadaja, punapa sami rahardja?"

"O, inggih kjai lurah, saking pangestu sampējan sami rahaju".

"Mila kang Ganda, kula purih ngringgit kalih dinten kalih dalu, awit kula sakantja baḏē sidekah merti ḏusun. Mangke dalu kula neḏa lampahan Wiwaha, awit kula remen nalika Ardjuna bantah kalijan resi Padya. Lah, bēndjing sonten kula neḏa lampahan Bratajuda nalika Sang Prabu Salja nata ing Mandraka madeg sēnapati ngalaga ing Kurawa".

"Nun, inggih kjai Lurah".

"Kang Ganda sakantja sampējan, sarēhnē sajah sampējan ngaso wonten grija pisang salirang, dados mangkē sonten boten rekaos".

"Inggih kjai lurah, sakalangkung sanget panuwun bingah ing manah kula".

Kotjap ḏalang Ganda lērēh pondokan ponḏokan tamu ingkang kawas tanan pisang salirang, ing ngriku sampun kagelaran babut prangwadani saking sutra diwangga, tuwin bantal-bantal inggih sampun kaseḏijan, sarta gandanipun amrik arum angambar. Boten dangu ing pambudja medal wēdang lan panganan warni warni, dēnē piringipun sadaja kantjana punapa dēnē talam pataḏahan inggih kantjana tinarētēs ing sesotya. Jēn katingalan tjahjanipun murub amaḏangi ing geḏang salirang. Ḏalang Ganda andjenger ningali rampadan ingkang endah warninipun, ladjeng witjanten dateng kantjanipun djuru pangenḏang nama Tjremakarja: "Ē, Tjremakarja, iki panggonan dudu sawaḏine; aku iki nalika ngabdi ana Kusumaḏilagan Surakarta, meh saben dina aku nḏērēk kangdjeng pangēran malebu marang keḏaton, nanging ora mangkono pirantinē, piring ija piring blaka. Ingkang Sinuhun ora kagungan kang mangkono