Kaca:Puspa Palupi.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 42 -

nglangkungi ajunipun. Radēn kēdanan sanget, mrepeki baḏē njepeng. Tijang ēstri ladjeng musna. Boten antawis dangu ketingal malih, nanging sampun warni adjar. Radēn Susuruh ladjeng njungkemi sukunipun, sarta njuwun pangapunten.

Adjar Tjemara Tunggal pitutur malih, jēn ing bēndjing baḏē kepanggih malih kalih radēn Susuruh, bilih radēn sampun djumeneng ratu, ngrēhaken ing Tanah Djawi sadaja. Sarta kjai adjar baḏē ngalih ḏateng seganten weḏi. Wonten ing riku djumeneng ratu, ngrēhaken sakatahing lelembat. Anunten baḏē ngalih, ngaḏaton ing Pamantingan, kalērēh ḏateng radēn Susuruh. Wondēnē teḏak-teḏakipun radēn Susuruh baḏē ngeḏaton salēripun ing Pamantingan, sakidulipun ing redi Merapi. Sarta sinten-sinten ingkang djumeneng ratu ing tanah Djawi, baḏē nggarwa ḏateng adjar Tjemara Tunggal. Ing wusananipun raden Susuruh dipung weling, manawi ing bēndjing pakēwed, kapurih nimbalana adjar Tjemara Tunggal. Mesti sakeḏap ḏateng mbijantoni sabalanipun lelembat. Satelasing pitutur radēn dipun aturi mangkat, ndjudjug ing negari Singasari.

Radēn Susuruh sasampunipun pamit, ladjeng mangkat sarēntjangipun tijang satus. Wonten ing wana kēndel sanganḏaping wit madja, wohipun namung setunggal. Radēn ēnget wewelingipun adjar Tjemara Tunggal. Wohipun madja andikakaken meṯik. Sareng dipun dahar, raosipun pait. Radēn aḏeḏekah wonten ing riku, kawastanan ḏusun ing Madjapait.

Anunten kaṯah tetijang ḏateng, tumut agrija wonten ing riku, sarta sami nenanem. Lami-lami dados negari ageng, misuwur ing pundi-pundi.

Katjarijos arja Bancah, sadērēkipun radēn Susuruh, ingkang djumeneng wonten ing Galuh. Negarinipun kabeḏah ḏateng ratu ing Padjadjaran. Lolos saking ing negari, kepanggih kalih ingkang raji wonten ing ḏusun Madjapait wau. Sareng sampun mratēlakaken ing tiwasipun, ladjeng sami rembag ing negari Padjadjaran. Inggih ladjeng Linampahan.

Sabeḏahipun ing negari Padjadjaran, radēn Susuruh djumeneng ratu ing Madjapait. Tetijang sapulo Djawi sujud sadaja. Arja Bangah ngalih nama arja Panular. Ki Wira Kadjundjung lenggahipun anama patih Wahan. Ki Bandar sarta ki Nambi kadamel mantri.