Kaca:Puspa Palupi.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 41 -

    kalinḏih, wadya ing Mamenang, risang Arjwa Surangga, mati dēning Arjwa Boti, Arjwa Sampata, Arjwa Binggala sami.
  1. Mati sampjuh lawan Arjwa Wismakarma, ana kang angemasi tambuh kang mardjaja, sang Arjwa Surenggana, arjwa Surangga kareki, arjwa Sumantra, lawan arjwa Sumantri.
  2. Miwah arjwa Pranatabasa palastram Widjatmaka ngemasi, sareng lan arinja, Sang Arjwa Wiratmaka, arjwa Grenḏaka pepulih, sura tan taha, nir baja ambek pati
  3. Ngamuk punggung mangrempak tanpa dikara, buteng nir bitēng ati, singa kang pareka, tjinanḏak kaprawasa, swuh sirna gusis angisis, arjwa Grenḏaka, lwir banṯēng tawan kanin.


Peṯikan: Hadji Pamasa bagian II,

R. Ng. Ranggawarsita).




RADEN SUSURUH.

Adjar Tjemara Tunggal, sareng tamijan radēn Susuruh sampun sumerep ingkang dados karsanipun. Kjai adjar asuka pitedah: radēn Susuruh kapurih lumampah ngētan leres. Menawi manggih wit madja namung setunggal, ingkang awoh namung setunggal, isinipun pait, aḏēḏēpoka wonten ing riku: panggēnan punika ing bēndjing baḏē dados negari ageng, radēn Susuruh ingkang baḏē ngratoni, neḏakaken para ratu ing Tanah Djawi, sarta baḏē males ḏateng ratu ing padjajaran. Wondene adjar Tjemara Tunggal wau dēdē adjar ingkang sajektosipun, kala waunipun putri ing Padjajaran, ingkang raji tumunten ing ējangipun raden Susuruh. Mila kalampahan lolos saking ing negari dados adjar, awit saking lumuhipun krama. Pinten-pinten ratu ingkang sami ngelamar, dipun tampik. Salolosipun saking negari Padjadjaran, ndjugdjug ing redi Kombang. Ing riku wonten kadjengipun tjemara namung setunggil, mila anama adjar Tjemara tunggal.

Radēn Susuruh inggih dipun serapaken menggah punika. Anunten adjar malih warninipun lami, dados ēstri