Kaca:Puspa Palupi.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 40 -

  1. Asru kroḏa Sang Prabu Anglingkusuma, mamatah wadya sami, kinēn angrusaka, sangunging padēdēsan, kabarubuha binasmi, andjadjaraha, bojongen kang parēstri.
  2. Duk samana sagung dēsa atampingan, tumpes tapis kabesmi dadya karang abang, wongē kawur wurahan, kadi gabah dēn interi, tambuh parannja, pati-pati bentusi.
  3. Ana ingkang lumaju maring nagara, sami atur udani, ing lelurahira, gugup kang darbē dēsa, para santana gung alit, mjang wadya bala, kabēh gad-gadēng galih.
  4. Pareng samja madeg kasudiranira, matur ing Narapati, nuwun kaidēna, dēnirarsa lumawan, saadjenging adjang wadjib karja kakawal, kiwul prang mēt pepulih.
  5. Wus kalilan sanalika angkatira, ingkang dadya pangirid, sang Arja Grendaka, kang mangka parta sara, sang Sutjitra maha resi, amrajogaa, adju unduring djurit.
  6. Patih Tambakbaja kinēn manukana, baris djoning nagari, lan para prawira, Sri Kusumawitjitra, tumamēng paoman mangkin, manungku pudja, semadi mamaladi
  7. Mamursita tri wikrameng tyas pranawa, meminta tumeḏaking, pulung pitulungan, saking Suksma kawekas, nahan kawarnaa malih, sang ambek sura, pararjwa pra dipati.
  8. Sapraptaning makikis tjampuhing juda, ramē rok silih ungkih, angkah-ingangkahan, kukuh bakuh kabuka, bakuning prang ander pati, pinatah-patah, patangguhaning baris.
  9. Golong-golong gumulung uleng-ulengan, kadya lun dresing tasik, sarsek mabusekan, kasok kang kaparsukan, saksana kesisan sami, mesat kabrasat, sapih kasaput ratri.
  10. Samja mēt kang pakuwon sowang-sowangan, ēndjang umangsah malih, malujēng kakawal, kiwuling lelawanan, lumajana mamrih pati, pēt-pētan papan, munahan anaheni.
  11. Panahaning ripu rampal kaparapal, elong linongan maksih, kasingsal sinelak, sulaking kol kongkalan, kalangan kakenan kanin, kunarpa remak, rowang, mungsuh kapilis
  12. Pirang dina pangadaning andon juda, samana kang