Kaca:Puspa Palupi.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 36 -

Sanadjan wekdal samanten taksih grimis, boten karaosaken. Sareng tjelak sopir ladjeng takēn, tembungipun anḏap asor:

"Kados pundi ndara, kendel wonten ngriki ?"

Prjantun djaler wau ladjeng meḏak saking oto lan maspadaken ḏateng ingkan takēn. Ing manah kawēdan angggēnipin suka wangusalan, awit ingkang takēn wau radi ngodenganken manah. Sabab larēnipun bregas, nanging sami ketingal pating dlemok tilas kenging lisah, tur rambutipun morak-marik, mēmper jēn namung sopir taksi. Langkung-langkung manawi ngēngeti anggēnipun njebat ndara. Ēwadēnē ing manah dērēng sreg. Baḏē nggenahaken sinten pijambakipun, inggih kirang sakētja, boten tjunḏuk kalijan empan papanipun. Mangka anggēnipun takēn wau baḏē suka pitulungan. Mila amrih sakētjanipun ladjeng menḏet palih-palih. Suka wangsulan mawi tembung madya, makaten:

"Rēwēl, mogok boten purun mlampah !"

"Ingkang rēwēl punapanipun, ndara ?"

"Kula kirang terang"

"Punapa dalem kapareng nuwēni ? Bokbilih saged ngleresaken".

"Kēnging ! Wē, lah, kleresan  !"

Sadangunipun sopir tumandang, prijantun ēstri kalih ingkang wonten ing wingking sami ketinggal bingah. Gaḏah pangadjeng-adjeng baḏē sumingkir saking kesisahan.

"Na, Na, Kasna  !"

"Kula ".

"Hara djadjak iki kabēh bukakana  !"

"Enggih".

Sareng sampun dipun bikaki sadaja, ladjeng dipun tingali. Sarēhning soroting zoeklicht saking wingking boten saged ḏawah ing motor mogok, anggēnipun ningali inggih boten saged terang, mila ladjeng neḏa sumerep ḏateng prijantun inggah gaḏah.

"Punapa sadaja sampun resik, ndara ?".

"Jēn bab resik kula tanggel, nanging renggang rapetē setēlan kula boten ngretos, wiwit rumijin boten kula