Kaca:Puspa Palupi.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 31 -

gaḏah anak, dados sanget ing bingahipun. Djabang baji dipun pulasara, Sareng sampun diwasa, boten pitadjeng jẽn kjai bujut bapakipun sajektos. Sanget anggenipun ngudi neḏa dipun djatẽnana. Kjai bujut, saking anggenipun baḏẽ nglegani pitakẽnipun, dados adamél dora, asandjang jẽn gaḏah sadẽrekan, atapa wonten satengahing wana, sumerep sadẽrẽng winarah, Mesṯi saged nglegani ingkang dados pitakẽn wau. Punika prajogi, jẽn dipun pitakẽnana. Tjiptanipun kjai bujut: "Mangsa kalampahana, ki djaka purun ḏateng wana, awit saking tebihipun". Ananging lepat panjiptanipun, ki djaka neḏa dipun aterna ḏateng wana. Sareng sami lumampah, ki djaka ningali keṯek kalijan peksi sijung,ladjeng pitakền ḏateng kjai bujut menggah ing wastanipun. Kjai bujut inggih njerapaken namaning bebudjengan kalijan peksi wau. Ladjeng kapendet dados namanipun pijambak. Ki djaka Ki djaka dados nama Sijung Wanara.

 Sareng sampun dumugi anggẽnipun sami lumampah, Sijung Wanara pitakẽn grijanipun saḏẽrẽkan wau. Kjai bujut kewedan ing manah, njelimpangaken, asandjang, jẽn saḏẽrẽkipun sampun ngalih ḏateng nagari ing Padjadjaran. Padamelanipun panḏẽ. Sijung Wanara sakelangkung bingahipun, tjipta, baḏe sumerep ing nagari. Neḏa dipun aterna ḏateng grijanipun panḏe. Kjai bujut nuruti. Saḏatenge ing grijanipun panḏe, Sijung Wanara kapasrahaken, ladjeng katilar mantuk.

 Salaminẽ wonten grijanipun panḏẽ, Sijung Wanara sinau panḏẽ. Boten antawis lami sampun saged, aparon dengkul apalu asta, asupit dridji. Katah tijang sami ḏateng grijanipun, ningali kasektẽnipun djaka Siung Wanara.

 Anudju djaka Sijung Wanara kẽsah ḏateng peken kalih kjai panḏe, gadjahipun ratu ing Padjadjaran saweg dipun gujang. Sareng ningali ḏateng Sijung Wanara, ladjeng murugi, mendak wonten ing djenganipun. Jẽn sageda witjanten, semunipun mekaten: "Gusti, suwawi kula sampejan titihi, kula bekta sowan ḏateng rama djengandika sang Prabu" Gadjah dipun usap gaḏingipun. Sakaṯanipun ingkang ningali sami ẽram.

 Katjariijos sang Prabu ing Padjajaran mijos sinẽba ing balanipun,saweg kelangeran ngaben prang tanḏing.