Kaca:Puspa Palupi.pdf/3

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi
- 1-


 PAMULANGAN LUHUR KAPRADJURITAN ING DJAMAN MATARAM


 Ing wantjḭ djam sekawan sonten srengēngē sampun suda bentēripun, ramē swaranipun tijang sami reresik, njapu latar ngisēni djembangan utawi kulah baḏē kadamel adus. Margi a- geng ing Mataram ketingal regeng, djalaran kaṯah tijang langkung, sekeḏap-sekeḏap ketingal wonten prijantun numpak kapal, panganggēnipun sarwa singset, sarwi abebangkol, tangan ipun kiwa njepengi apus ingkang tengen amanḏi waos, wangun- ipun angadjrihi, ing semu kados tijang baḏē mangsah djurit. Nanging manawi dipun waspaosaken, ingkang wonten putjuking waos wau dēdē lelanḏep, awujud ubel-ubel sindjang kawangun saē, inggih punika ingkang nama watang. Regenging margi sa- ha ramēning kiṯa boten anggumunaken, amargi nalika semanten pinudju dinten Sabtu, para satrija, para senapati saha para ingkang kalebet golonganing pradjurit sami watangan wonten ing alun-alun.
 Ing alun-alun kaṯah tijang; ingkang sami numpak ka- pal wau tata djēdjēr wonten satjelaking ringin kurung, sa- wenēh wonten ingkang mijambak. Ing wingking rantap para santana utawi abdi, ugi sami numpak kapal, pratanḏanipun sa- trija utawi pangageng, ingkang Sinuwun Kangdjeng Sunan mi- joe, ladjeng lenggah wonten ing bangsal pangrawit.
 Tengara kaungelaken, munten wiwit watangan. Para ing- kang numpak kapal anggebrag kapalipun, mider akekalangan, mi ling-miling ngupados tanḏing, sareng sampun angsal, ladjeng ubeng-ubengan kados sawung ērēk, sarta tansah wawas-winawas apusing kenḏali katjangkolaken ing bankol ladjeng angunda unda watang. Tumumten ingkang satunggal angingeraken kapal ipun nradjang anamakaken watang, ingkang kaangkah ḏaḏa. Sa- tunggalipun prajitna, ḏawahing watang tinangkis sami watang kumropjak adamel kagēting kapal, sanalika kupingipun andje piping,mripatipun murub,ing semu kados murina,dēnē benda- ranipun kaḏawahan ing dedamel, ambekos kados akēn tumunten amalesa. Ingkang numpaki sabar ing manah,dērēng nijat ma- les manawi dērēng patitis ing pamawas. Kados makaten sago- longan-sagolonganipun ingkang sami adjar tanding, watang- winatang wegig-wegig, adamel sanengipun ingkang sami ni-