Kaca:Puspa Palupi.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

— 27 —


"Ngadega bae,reneja dak tukoni,aku kangen".

“Raden Adjeng nunten ngadeg tjaket ing palenggahan. Raden Mas Rijanta andangu: "Nes,Nes,aku krungu kabar djare bakjumu arep dadi penganten, besuk apa ki Nes ?"

"Adalem boten sumerep"

"Apa ijok,dadi aku wis krungu kabar ki"

"Angsal sinten ?"

"Anu, entul prijaji ing Rembang, djenenge Danur — Danur mengkono aku lali,aku mekas ija Nes, jen ketemu bakjumu, nanging jen pinudju ora ana uwong, takona, djenenge prijaji mau Danur sapa, karo kandaa,aku arep njumbang, bakjumu ndjaluk sumbangan apa?"

Menggah karsanipun Raden Mas Rijanta wau perlu kangge njulik panggalihipun Raden Adjeng Srini.

"Nan-dalem mangke punapa boten tindak mrika ?"

"Mrana ana apa ta ?"

"Jen nan-dalen tindak, adalem ngentosi, jen boten inggih boten".

"Eh, wong awakku rada ora kepenak kok Nes!"

"Inggih sampun adalem njuwun mandap".

"Mengko disik ta, kowe ki nek mrene kok kesusu, wong enggonku kangen durung mari,kowe selak arep apa ta?"

"Anu, welingipun bakju boten pareng dangu-dangu".

"Njang bakjune kok wedine ora dijamak, apa kowe ki sok didukani bakju ?"

"Inggih!"

"Ja sukur ta Nes, jen kowe wedi mituhu karo bakju, wong aku dewe ija wedi kok Nes, njang bakju kuwi".

"Punapa inggih ?"

"E, ija,wong bakjumu kuwi antenge rada njengit".

"Hik, hik,hik".

"Hlo, kok ngguju,rak ija ta, wis ta Nes, jen kowe arep mulih dak lilani, mung wekasku adja lali, hlo!"


(Serat Rijanta, R.B.Sulardi).

― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — ― — — ― — ― —