Kaca:Puspa Palupi.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 19 -

djenger ora bisa tjalaṯu,njipta kabilaēn geḏē saka panggawēnē njai ranḏa djulig,ēnggal bali gegantjangan,bingung kaworan nepsu, sedyanē arep masēsa menjang njai Gunawitjara. Satekanē njai Gunawitjara ketemu linggih ana ing ambēn,kambi matja lajang,bandjur ditudingi lan diudjar-udjari ala,nganti kami sosolen tjalaṯunē: “Ēh,genṯo,kētju,maling,asu gerang,endi ḏuwitku,mesṯi kowe sing njolong ḏuwitku ana teken kiji,ḏuwit dinar,ḏuwit kretas,gunggungē ḏuwitku saleksa rupijah,kotjolong. Nēk ḏuwitku ora kobalēkakē,mesṯi ketiban tanganku,lan dakbanda dak aturakē menjang Prēntah. Bakal dilebokakē ḏublongan lan bandjur dibuwang sadjegmu urip,ngaku apa ora ?"

Njai Gunawitjara diunēni mengkono kuwi ora gugup, sarēh amangsuli lan ora basa,tjelatunē mangkēnē: "Mengko ta,kowē kuwi mendem gendjē,apa ēdan,karuhanē lēhku ngelok akē. Ngendi ana teka-teka bandjur nesu,tjotjotē urab-uraban,polahē briga-brigi kaja bangsat kaja diwedēnana mana. Sing ko-amēkakē ḏuwit kuwi ḏuwit apa,tegesē keprijē,apa kowē kēlangan ḏuwit,apa kowē ndjaluk ḏuwit; sing sarēh ta aku ora mlaju lan ora wedi karo ḏapurmu,lan tak udja sabudimu,prakaran wani,rukun gelem".

Kjai Surawatjana bareng ngrungu tjelaṯunē njai Gunawitjara entēk atinē lan sarēh nepsunē,mangsuli memelas, tembungē basa: "Milanipun ēnggal wangsul,bibi,amargi kula kētjalan jatra wonten salebeting teken wuluh gaḏing punika,warni dinar kalijan wang kretas,gunggung saleksa rupijah,kula kinten pun bibi ingkang ambebeḏung ḏateng kula, mendet jatra wau".

Njai ranḏa ora pisan anggragap,mangsuli sarēh lan mari nganggo tembung ngoko,ganti anḏap asor kaja sing uwis,tjelaṯunē: "Ē,dados kula punika sampējan terka menḏet jatra,wonten salebeting teken wuluh gading punika. Ēwed, enggēr,manawi kula mangsulana pitakēn sampējan punika,awit nalar mekaten dēdē gegudjengan,lepat-lepat ing salah satunggilipun manggih bilahi; kula purun mangsuli manawi sampun wonten ngarsaning Parēntah. Wangsul kula pitakēn ḏateng sampējan,sampējan ngaken kētjalan jatra ngantos semanten kaṯahipun wau,punika sinten seksi sampējan, kadosta: sapisan saksi ingkang njumerepi nalika pandēkēk