Kaca:Puspa Palupi.pdf/2

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PURWAKA

Angengti saja kirangipun serat-serat waosan basa Djawi, pananah kula sampun salajakipun bilih para sutrisna basa Jawi sami ichtijar anambahi, awit pepindanipun benawi basa Djawi wadjib mbandjiri samodra basa Indonesia murih dados agung.

Anggen kula ndapuk „Puspa-Palupi” inggih djalaran saking punika Dados tebih saking rumaos saged, keladugipun tjumantaka ngungasaken kesagedan.

Isinipun pepetikan serat-serat basa Djawi, murih kauningan ing para sutresna, satemah karsa ngagem palupi wonten ing bebrajan anjar.

Pamanggih kula prajogi dadosa waosanipun siswa S.P.G. saha S.L T.A. sanesipun punapa dene para sutresna basa Diawi. Bab kekiranganipun serat punika, boten njuda derenging manah kula urun sumbangsih nambahi waosan basa Djawi nadejan apinda timun wungkuk djaga imbuh

Wasana mugi2 ndajanana kamadjenganipun basa Djawi.


Klaten, 16 Maret 1970.
Pangimpun/Pangripta.