Kaca:Puspa Palupi.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-16-

pamudjan asarwa kantjana, bilih kabikak, bolonganipun bunber pinḏa pipaning margi angin. Wonten timbanipun besatan tarikan sarta uluran kawat bleḏeg,sakeḏap saged dumugi ing nganḏap,sakeḏap sampun wangsul dumugi ing nginggil,senadjan tukangipun sami nandangi boten sumerep kadjengipun,sarta boten sumerep ḏasaring guwa.

Wedaling prabēja sadinten-dinten ambēr kados udaling umbul ing mangsa renḏeng, tetijang alit ingkang sami njambut damel sadinten-dinten tanpa witjalan; kaṯah ingkang ladjeng sami andjrak tumut gegrija ing padukuhan Sumberredja. Ēreng-ērēnging redi satjelaking margi ageng kasipat kadamel pakampungan, traping grija aṯarik-ṯarik tiningalan anglam-lami.

Katjarios Kjai Ageng Wulusan tansah ngalembana ing kagunganipun Rd. Udakawimba, boten njana bilih paḏukuhan ēnggal dados negari agemah rahardja,mirah sanḏang pangan, para djuragan sampun kaṯah ingkang sami ḏateng saha adamel pamonḏokan ageng. Tjiptanipun Kjai Ageng: "Raden Udakawimba tumunten baḏē kapunḏut mantu".

(Rangsang Tuban, Ki Padmasusastra)




SERAT SINAWUNG ING SEKAR

Seratipun satunggaling larē djaler ḏateng kantjanipun
ēstri sami murid ing pamulangan tjalon guru.

Sekar Megatruh, urut denta wjandjana.-

Ha. Amurwaka megatruh akumaluhur, nadyan temah dēn tambuhi,
ing tyasira amituhu, kumedah ngaping kalihi,
kintun srat sang ambek kaot.
Na. Nuwun-nuwun ḏuh kusuma sang maha nung, dasih paduka
tur uning, jēn tuhu nedya memanuh, nanging sarana wewinih,
mrih kotamanē sang sinom.