Kaca:Puspa Palupi.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-11-
rana miwah bojongan, baḏaja sarantjak sami, kalih ambabakali, ingkang wus dadya saladjur, katur marang kang rama, Pangēran ngenḏak kakalih, Ēnḏēl lawan Pambatak ingkang dēn enḏak.
  1. Pambatak ingkang dēn enḏak, anama Ismajawati, Mario neng Ēnḏēlira, kang rama pan ragi runtik: Ija tatanē ngendi, wong kiṉongkon teka rusuh, dēn djak angrata djagad,tetekonē nora betjik, karangsangan kaja ambek wong urakan.
  2. Wong kinēn mbeḏah negara, apa saisinē nanggih, sajekti katur sadaja, lamun ana dēn senengi, ēnggal barang kinapti, mangsa ta ndadaka luput, mangkono ingkang djamak, nora murang tata-titi, nasak-nasak amurang nagara krama".
  3. Wus pinunḏut kalih pisan, ēstu duka kang rama. Dji, Pangēran langkung atebah, kang raji ingkang tinuding: "Aturna in rama Dji, tan kudu kanggonan ingsun, ngong tohi karinget rah, ambēdah ing Pranaragi, nora katon samene sariraningwang".
  4. Nuli plek tan purun sēba, ing Setu lan Senēn Kemis, Sang Nata tan ngandika, maksih mijos Senēn Kemis, dērēng njana Sang Adji, jēn kang putra rentengipun, tan ana tur uninga, jēn kang putra agung brangti, duk mijarsa saking pawestrēn Sang Nata.
  5. Ingkang putra tinimbalan, Ratu Bendara wus prapti, ing ngarsanira kang rama, ngandika Sri Narapati: Ija kangmasmu iki, teka nora sēba mutung, lah ija sumakēhan, pradjurit prawirēng bumi, tetekonē kaja wus angrata djaged".
  6. Jēn adja ana kang tuwa, mangsa nggagapa basuki, mati pinenṯung wong dēsa, wong mono jēn duwē pikir, kang kaprah lawan mami, kaja putra Nabi Ḏawud, ija gawanen