3. GORAWA.
PASITEN sakiwa tengenipun.Prambanan, saurutipun minggah dugi sukuning redi Merapi sakalangkung eloh. Kathah lepenlepenipun ingkang kalebet ageng sarta ajeg ilining toyanipun, kadosta: Gendol, Klegung, Putih, Kongklangan.
Nalika samanten taksih kathah ingkang dados wana,
dhusunipun alit-alit, nanging ngatawisi badhe mindhak ageng saha reja. Kewan galak inggih wonten, ingkang kathah andhapan, sima tutul saha kombang. Kala-kala kadhatengan sima gembong saking
redi Merapi.
lng dhusun Klewer wonten germa nama Gorawa. Punika meh saben dinten angsal andhapan kasade dhateng Cina, mila pun Gorawa saged cekap gesangipun. Kekendelanipun misuwur mboten ajrih ing sima, amargi Gorawa gadhah sanjata damelan Walandi.
Poporipun celak, wuluhipun satunggal, panjang. Mawi lantak dumunung sangandhaping wuluh, platukanipun ageng. Manawi kaungelaken dhawahing platukan ngengingi sela lintang ingkang lajeng maletik. Latunipun anylomot ing kowekan sangandhapipun , sanalika urubing sendawa rumambat lumebet ing wuluh wekasan sanjata mungel jumebret. Wujuding sanjata wau wagu sanget manawi katimbang kaliyan sanjata ing jaman sapunika. Tur pesating mimis mboten sapintena tebihipun.
Akalipun Gorawa manawi nyanjata sima, darnel ranggon wonten ing wit-witan. Sangandhaping wit kaselehan segawon pejah, Gorawa methangkring wonten ing nginggil. Samangsa wonten sima dhateng amangsa bathang sagawon, lajeng dipun pancad sirahipun.
Ngadat pejah kapisanan.
Kathah pasimpenipun wacucal saha kuku sima. Ngantos Gorawa damel rasukan wacucal sima angajrih-ajrihi tiyang. Dhasar wujudipun gagah, ageng inggil brengos crapang. Manawi wicanten
glogak-glogok kaduk wani, nanging sok tiyang meksa sami tresna
47