ditari ajeng diolehake kula. Tembunge bapak: thole, aja ketungkul ngrewangi nyambutgawe aku. Goleka pagawean sing bisa narik kawiryan. Nanging sadurunge kowe pisah karo aku goleka kanthining ngaurip, kenoa kok pasrahi uripmu. Lha, niku
satemene kula mboten pati ngreti. Napa wong laki utawa rabi niku mung olehe ajeng pasrah teng bojo?"
"Karepe pasrah mangkono ora kok wong lanang utawa
wadon banjur padha pasrah ing bojo ambodhokake uripe, ora! Mengko teneh mati kaliren kabeh. Sumurupa, sabarang kang gumelar ing donya iki kabeh titimbangan , ana becik ana ala, ana
bungah ana susah. Sarta kabeh padha owah gingsir ora ana barang langgeng. Aku Jan kowe tansah atut-rukun, nanging apa langgeng mangkono, mesthi ana kalane nemahi kosok baline. Tegese, bisa ecrah. Muiane aja get-getan manawa anuju ana sulayanging rembug dening salah siji ana sing lali, aja banjur nggagas sing ora-ora gedhene nantang ngajak pegatan. Ngelingana yen iku mung saka renggawening manungsa sipat lali Ian apes. Wajibe wong bebojoan, yen sing siji lagi !ali sijine aja nimbangi. Iku kang aran emong-ingemong. Keplantrang anggonku guneman, bali menyang bab
pasrah mau. Sanajan wong nemu bungah, kurang lega rasaning
ati yen ora ana kanca sing melu ngrasakake. Apamaneh nandhang sangsara, sapa kang melasana, sapa kang disambati dikon ngrewangi lara. Wong-wong liya dhangan banget yen diajak bungah-bungah, nanging diajak sangsara mangsa doyana. Lha iku, ndhuk, mula bukane wong rumasa butuh golek bojo."
Simpen wicanten sembranan kaliyan alihan anggenipun tilem: "Napa enggih, Mas? Gene wong-wong niku nek ajeng rabi sing digagas mung rupa."
"E, lha iku rak bocah nonoman kang durung dhuwur pikirane. Mung nuruti hawa napsune, niyate rabi mung olehe arep cedhak wong wadon. Muiane sing diperlokake endahing rupa. Iku adat ora becik kedadeyane sabab menusa iku duwe watak bosenan. Rupa ayu iya mboseni. Samangsa wong mau kacocog sulaya kalakuan, banjur rumangsa ora begja uripe. Muiane mungguhing aku, rupa iku angka loro.Sing dhisik kalakuan, apa kira-kira bakal bisa laras apa ora. Yen kebangeten sulayane kudu diunduri."
45