Kaca:Punapa Panjenengan Dipunslametaken.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Sakpunika Panjenengan Saged Nglampahi bab

ingkang Aji inggih punika Takdir Kalanggengan

Panjenengan!

Panjenengan saged nampi Gusti Yesus minangka Juru Kawilujengan ugi Paduka panjenengan lan dados putranipun Gusti Allah mawi keyakinan ingkang dipunwujud'aken dateng pandonga ing sakpunika.

“Menawa lambému padha ngakoni, yèn "Yésus kuwi Gusti”, lan kowé precaya ing sajroné atimu, yèn Gusti Allah wis mungokaké Gusti Yésus saka ing séda, kowé bakal slamet.” (Rum 10:9)

Punika Pandonga ingkang Dipuntuduhaken.

"Gusti, kawula punika tiyang dosa. Amargi saking punika kawula nyuwun pangluwaran saking dosa. Kawula pitados menawi Gusti Yesus tilar donya wonten ing pamentangan kagem kawula ugi wungu saking seda. Kawula pitados menawi namung Gusti Yesus ingkang dados Paduka ugi Juru Kawilujengan. Kawula ngaturaken syukur dumateng pangluwaran ugi gesang langgeng punika. Mugi Gusti Yesus kersa rawuh wonten ing gesang kawula ugi paring piwulangan kaliyan nguluraken asta supados kawula saged nglampahi gesang miturut Gusti Allah saben dintenipun. Konjuk ing asma dalem Gusti Yesus. Amin.”