Pandita akarja wangsit, punika tjipta rasa mobah mosik, lenggahipun pandita punika dateng budi tjipta, wangsit, mosik, ingkang sumrambah dateng kawula, ingkang dipun wastani wangsit wau ébah-ébahing kawula, kados ta: lampahing kedut, karentek dateng keketek, kedut saking mosik, keketek saking napas, ébahing djasad katampi ing tjipta rasa, mobah mosik, churuf sadaja wau dumunung ing gesang-kita punika pribadi, mila asma Nabi-kita, amengku. Rasul Rusul.
Kombang angadjap ing tawang, punika angen-angen maripat, saèstu tjipta rasaning manusa ingkang hakiki, mila dipun wastani kita punika Muchammad kadim, ingkang ma'na dihin, mokal lamun kadihinana, tandanipun urip punika boten suda, sakalangkung mokal jèn sang urip punika rusaka. Liding dongeng, wekasaning pamanggih sadaja punika amung dumunung busana, kadi simbar anèng kakajwan, boten langkung inggih amung gesang-kita punika, ingkang sipat esa inggih urip-kita, tjipta rasa kalbu budi djadjantung, inggih gesang- kita punika, ingkang sipat ora lanang ora wadon ja amung urip-kita, tanpa dahar tanpa saré, tandanipun ing dalil Kurän: wa kalbu mukmin baitu'llahi, ma'nanipun:
Wa huwa, lan ja iku, atiné wong mukmin, baitu'llahi, iku, panggonané Allah. Lo arak inggih sampun njamleng kémawon, kalihan atur hakékat-kula, manawi gumelaring djagad punika, rak inggih amung urip-kita punika pribadi, sampun kula-sahaken kalajan tjiptaning Tauhid, lakar inggih sampun kula-rungkebi, pedjah kalihan dalil Kurän inggih sampun, amargi ing Kurän ugi sampun andawuhaken, makaten lapalipun:
Pakadis tamsaka, bil ngurwati wuska, ma'nanipun: pada darbėja sira gegandulan tali kukuh.
Menggah preluning prelu darbé gegandulan, punapa anteping tjipta, mila kula boten saged memaoni.
Ananging prelu sanget nganggé lapal: asalatu kamu wadjibi, tegesipun wadjib salat waktu gangsal, utawi lapal: asalatu ngi- madudin, ana déné salat iku pusakaning agama, agama punika. pranataning budi, budi punika tjipta kalbuning manusa, manusa punika inggih kita punika, tegesipun manusa unusaning Dzat mulja, atas saking Dzat Suksma Sadjati.
Pratandanipun djagad triloka, djagad tetiga, punika kawengku ing urip-kita, sahir kabir, djatiningsun.
Djanaloka, ingkang dipun wastani djanaloka, punika karatoning
manusa, dipun wastani sanubari, karaton angen-angen.
54