Menyang kontèn

Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
Gigiring punglu

Punglu punika mimis, datipun bunder, inggih punika tetelenging nétra kalih, lenggahipun dateng lenging tjipta, leng punika inggih bunder, mila dipun wastani ajat sabitah, punika tanda andenging napas, aksara salebeting Kurän, Kurän punika djumenenging badan- kita punika sadaja, kita punika mau'lchajat.

Bisu mungkasi padu

Bisu mungkasi padu, punika lenggahipun dateng tjipta, inggih. angen-angen, menggah dunungipun makaten, manawi ing lair lati pinudju kanggé ngandika punika bisu, manawi lati kèndel boten ngandika punika sakalangkung déning ramé, kados pasar tumawon, mosiking tjipta tjampuh lan rahsa angen-angen, mila dipun wastani bisu mungkasi padu, inggih punika 'alam pikiran. Liding dongéng, inggih punika budi mosik, angandika tanpa lati. Lo arak inggih makaten ta Man Doblang!

Lumpuh angideri djagad

Lumpuh angideri djagad, punika tegesipun inggih dateng tjipta rasa, nalikanipun dèrèng mosik, punika mandjing tarki, ingkang sampun tunggal, inggih sumèlèhing tjipta rasa, samasa lenging tjipta. wau sampun kumpul ing rahsa, angen-angen badan napas, mau'lchajat ladjeng karsa ngébahaken tindaking napas lan roh, rahsa mandjing sarining djasad, punika ladjeng kawaratan, ing triloka kaèbekan, dados karentek, wedalipun nama keketek, inggih punika. trimurtining rahsa, saking tjipta rasa angen-angen.

Tjébol anggajuh langit

Tjébol anggajuh langit, punika tegesipun inggih dateng tjipta badan napas, dating tjipta punika tjébol, utawi angen-angen manawi daweg kèndel, inggih ingkang dipun wastani sumèlèh wau, déné bilih tjipta rahsa angen-angen wau sampun karsa ébah, punika ladjeng djumeneng badan napas, ladjeng angèbeki djagad, sundul ing akasa, inggih punika ingkang dipun basakaken: jèn malanga boten djudjul, jèn ngadega boten sundul, sinaosa agung luhur, inggih amung sasreg kémawon, boten kirang boten langkung, punika lenggahipun. mau'lchajat, djatining Dzat kang murwèng rat, boten malebet, boten medal, tanpa dahar miwah saré, djumeneng sakarsa-karsa, inggih. punika sadjatining gesang-kita.

Wangsul dateng sari'at pradja
Kembang tepus kaki

Tepus kaki, punika tegesipun ukuran, ukuraning tjipta punika dateng patrap, ingkang dateng tepa palupi, tembung sasami-sami,

liripun reksa-rineksa, lestantun kuwawi nglampahi.

51