Menyang kontèn

Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

sadaja punika kasorotan.) Artadaja punika, (dajaning salebeting manah.) datan kena tjinakrèng budi, (boten kénging dipun kinten ing manah.) anging kang sampun prapta, (ananging ingkang sampun dumugi.) ing wasananipun, (ing kawekasanipun.) angadeg tengahing djagad, (ing ngriku djumeneng wonten madyaning djagad.) wétan kulon lor kidul ngandap mjang nginggil, (wétan kilèn lèr kidul ngandap mjang nginggil, kalimputan sadaja.) kapurba kawisésa. (kapurba sakarsa-karsa.).

23. Sagara gunung mjang bumi langit, lawan ingkang amengku buwana, kasor ing Artadajané, sagara-sat kang gunung, guntur sirna guwa pesagi, singa wruh Artadaja, dadya teguh timbul, lan dadya palijasing prang, jèn lelungan kang kapapag wedi asih, sato galak suminggah.

24. Djin prajangan pada wedi asih, mendak adjrih sakèhing drubiksa, rineksa sijang-daluné, ingkang anempuh lumpuh, tan tumama ing awak-mami, jèn nedya tan rahardja, kabèh lebur kabur, sakèhing kang nedya ala, larut sirna kang nedya betjik basuki, kang sinedya waluja.

25. Rina wengi rineksa Hjang Widdhi, sasedyané tinekan sadaja, pan kèdep ing djanma akèh, aran wikuning wiku, wikan ing rèh pudya samadi, dadi sasedyanira, ma'unah linuhung, peparab Hjang Tigalana, kang asimpen jèn tuwadjuh djroning ati, kalis sagunging béka.

26. Jèn kinarja atunggu wong sakit, edjin sétan tan wani angambah, rineksa malaékaté, nabi wali angepung, sakèh lara pada sumingkir, ingkang sedya pitenah, marang awakingsun, rinusak marang Hjang Suksma, éblis la'nat sato mara pada mati, tumpes tapis sadaja.

Kidung kaping tiga
KIDUNG ANGIDUNG WENGI

27. Ana kidung sun angidung wengi, bebaratan duk amrem winatja, Sang Hjang Guru pangadegé, lumaku Sang Hjang Baju, alèmbèhan Asmaraening, ngadeg pangawak tédja, kang angidung ku, jèn kinarja angawula, mjang lelungan gusti geting dadya asih, sato galak sumimpang.

28. Sakatahing upas tawa sami, lara roga waluja nirmala, tulak tanggul kang panggawé, duduk samja kawangsul, katawuran sagunging sikir, 'adam makdum sadaja, datanpa pangrungu, pangutjap lawan pangrasa, mjang tumingal kang sedya tumeka napi,

pangreksaning malékat.

46